prèsidhèn Koréya Kidul ka-19 From Wikipedia, the free encyclopedia
Moon Jae-in (pangucap cara Koréa: [mundʑɛin] utawa [mun] [t͡ɕɛin] ; lair tanggal 24 Januari 1953) ya iku politisi Koréa Kidul sing saiki dadi Presiden Koréa kaping -19 wiwit taun 2017.[2][3][4] Panjenengané kapilih sawisé Park Geun-hye , lawané, didakwa minangka calon Partai Demokratik Koréa .[5][6] Sakwisé dadi Prèsidhèn, Moon Jae-in wis ketemu karo Prèsidhèn Koréa Lor, Kim Jong-un, ing sasi April, Mèi, lan Sèptèmber 2018.
Moon Jae-in | |
---|---|
문재인 | |
Presiden Koréa Kidul | |
Wiwit linggih 10 May 2017 | |
Mahamantri | Lee Nak-yeon Yoo Il-ho (acting) |
Kang sadurungé | Park Geun-hye |
Leader of the Democratic Party | |
Linggih 9 February 2015 – 27 January 2016 | |
Kang sadurungé | Moon Hee-sang (interim) |
Kang sawisé | Kim Chong-in (interim) |
Member of the National Assembly | |
Linggih 30 May 2012 – 29 May 2016 | |
Kang sadurungé | Chang Je-won |
Kang sawisé | Chang Je-won |
Constituency | Sasang (Busan) |
Chief Presidential Secretary | |
Linggih 12 March 2007 – 24 February 2008 | |
Présidhèn | Roh Moo-hyun |
Kang sadurungé | Lee Byung-wan |
Kang sawisé | Yu Woo-ik |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Geoje, South Korea | 24 Januari 1953
Parté pulitik | Democratic |
Sisihan | Kim Jung-sook (o. 1981) |
Anak | 2 |
Pilungguh | Blue House, Seoul, South Korea |
Almamater | Kyung Hee University (LLB) |
Religion | Roman Catholicism |
Korean (Hangul) | 문재인 |
Korean (Hanja) | 文在寅 |
Tandha tangan | |
Sana jaringan | Official website |
Jasa militèr | |
Kasetyan | South Korea |
Cawang | Wadya Dharat Républik Koréa |
Taun leladi | 1975–1977 |
Pangkat | Sergeant (Koréa: Byeongjang) |
Iji | Army Special Warfare Command |
Perang | Operation Paul Bunyan[1] |
Moon Jae-in minangka anak nomer loro lan putra paling tuwa antarané limang seduluré. Moon Jae-in lair ing Geoje, Koréa Kidul. Wong tuwané Moon Yong-hyung lan Kang Han-ok padha ngungsi saka distrik Hamyeong, Koréa Lor, lumayu menyang Hungnam nalika Perang Koréa.
Kulawargané manggon ing Busan. Bapakné, Moon Yong-hyung, miwiti bisnis kaos kaki amarga panjenengané ora kepingin dadi pegawé papréntahan. Ananging, bisnis iki ninggalaké utang kang gedhé gunggungé.
Moon ora tau bisa numpak pit, amarga kulawargané mlarat banget wektu Moon cilik, dadi panjenengané ora bisa tuku pit opo manèh mbayar béaya sekolah.
Moon lumebu ing Kyungnam Hihg School. Panjenengané uga kalebu siswa sing pinter wektu kuwi. Moon ketampa ana ing Kyung Hee University [7] kanggo sinau babagan hukum kanthi béasiswa lengkap. Ing kana, Moon ketemu karo Kim Jung-sook, garwané.
Sakwisé nyusun protès mahasiswa marang konstitusi Yushin[8], panjenengané dipenjara lan diusir saka universitas. Banjur, panjenengané ditugasaké militèr ana ing pasukan khusus Koréa Kidul, ing ngendi panjenengané mèlu ing "Operasi Paul Bunyan[9]" nalika kedadéyan pembunuhan Axe ing Panmunjom.
Sawisé metu saka tugas militèr, bapakné seda. Moon banjur mèlu bar exam[10]. Panjenengané menyang ana ing Daeheungsa, kuil buda, kanggo sinau ujian. Panjenengané lulus ujian ana ing taun 1979, lan ing taun 1980 Moon bali sinau menyang universitas kanggo ngrampungaké studiné. Ing taun sing padha, Moon lulus lan diangkat ana ing Judicial Research and Training Institude[11].
Moon nikah karo Kim Jung-sook, vokalis saka universitas sing padha. Moon lan Kim carita menawa piyambaké pitepangan nalika Moon protes ing Konstitusi Yushin.
Moon duwé telong ingon-ingon: rong asu ( Koréa: 마루, salin aksara Maru Maru , asu Pungsan, lan Koréa: 토리, salin aksara Tory , Tory minangka seka ras campuran), lan kucing siji ( Koréa: 찡찡, salin aksara Jjing-jjing ). Tory diadopsi saka papan perlindungan. Moon nyatakaké nalika adopsi Tory iku "kita kudu nggatekaké kéwan terlanta", lan Panjenengané pengin mbusak stigma marang ras ireng kaya Tory.[12]
Moon minangka prèsidhèn Koréa Kidul katelu sing agamané Katulik Roma, sawisé mantan Prèsidhèn pungkasan Kim Dae-jung, lan Roh Moo-hyun, uga bojoné, First Lady Kim Jung-sook. Jeneng babtisé Moo ya iku Timotius.
Moon kasebut dijuluki "Dark King", julukan iki saka karakter Silvers Rayleigh saka sèri manga Jepang One Piece .[13]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.