Sultan

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Sultan (Arab: سلطان Sulṭān, kocap [ˈsulˈtˤɑːn]) iku lumrah digunakaké ing karajan kang migunakaké sistem kasultanan. Tembung "sultan" dijupuk saka basa Arab kang tegesé "kakuwatan", "wewenang", "panguwasan", lan "kasewenang-wenangan"(dictactorship). Gelar iki digunakaké ing sadéngah papan kanthi arti béda-béda.

Sultan iki mulane saka negara timur tengah sing wis akeh ngepakake sayap kapemimpinan islam. Nalika abad kaping 10 sultan digunakake kanggo mbedakke penguasa lan raja-raja liyane. Lakon sing dadi senter panyebaran islam ning nusantara salah sijine yaiku sultan lan ulama. [1]

Gelar sultan uga wis melbu ning Indonesia, kaya gelar sultan ning kerajaan islam nusantara. Contone kaya Kerajaan Samudra Pasai, Kerajaan Malaka, Kerajaan Aceh, Kerajaan Demak, Kerajaan Pajang, Kerajaan Mataram, lan sapiturute. Gelar sultan iki diwenehke mara pemimpin lanang sing ana ning kerajaan islam kasebut. [2]

Sajarah

Gelar sultan iki digunakaké kanthi tumemen nalika sesebutan khalifah wus ora digunakaké manèh ing sistem pulitik Islam, mligi ing jaman Wangsa Abasiyyah. Ing sabanjuré diterusaké nganti tekan kasultanan Ottoman ing Turki. Islam kang sumrambah ing sadéngah nagara dadi jalaran tembung sultan iki sumebar ing sistem pulitik ing karajan-karajan anyar kang panguwasané muslim.

Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads