Méja yaiku prabot omah kang duwé pérangan kang dhatar ing dhuwuré kang dadi daun méja lan duwé sikil méja kanggo nyangga daun méja.[1]
Méja kerep dianggo nyimpen barang lan panganan.[1] Méja digawé kanthi dhuwur kang gampang dijangkau nalika lagi lungguh.[1] Méja lumrahé digawé sepasang karo kursi.[1] Méja racaké ora nduwé laci nanging ana uga méja kang nduwé laci kanggo kabutuhan tinamtu kaya ta méja rias.[1]
Méja duwé warna-warna ukuran lan bentuk.[1] Saliyané iku, ukurané méja uga warna-warna.[1]
Méja surung, yaiku méja kang ana rodhané, gunané kanggo wadhah panganan utawa kanggo ngeteraké panganan.[1] Meja iki lumrahé dianggo ing restoran lan ing hotèl.[1]
Méja goyang Tek, yaiku méja kang digunaaké kanggo misahaké "mineral" kang ana ajiné saka bijih.[1] Carané kanthi nggoyang-nggoyangaké méja ing banyu kang mili.[1]
Méja kartu, yaiku méja kanggo main kertu domino utawa remi.[1]
Méja modular, yaiku méja kang disusun lan digawé manut kabutuhan.[1]
Méja pinjam, yaiku méja kang dianggo nindakaké transaksi peminjaman kolèksi buku ing pabukon.[1]
Méja putaran kramik yaiku méja kang dadi mesin kanggo ngolah lemahlempung dadi kramik.[1] Meja iki kasusun déning piring datar kang ana sumbuné kang bisa muter kanthi stabil lan ana uga pérangan kang kanggo nyangga.[1]