From Wikipedia, the free encyclopedia
Nerima (練馬区 Nerima-ku?) ya iku salah siji dhistrik mirunggan ing Tokyo, Jepang. Secara ora resmi, dhistrik iki dijenengi Kutha Nerima.
Per 1 Mei 2016, dhistrik iki nduweni cacah jiwa 721.858 wong, kanthi 323.296 rumah tangga lan kapadatan panduduk 15.013 wong per km². Cacah 15.326 wong manca kadhaftar ana ing dhistrik iki. 21,6% cacah jiwa ing dhistrik iki warsané sadhuwure 65 taun. Jembaré dhistrik iki 48,08 km².[butuh sitiran]
Ing zaman Edo, laladan iki mayoritas tegalané dianggo nandur tuwuhan kaya ta lobak daikon, buram gobo, lan kentang. Sawisé lindhu gedhe Kanto 1923, akèh wong saka tengahing Kutha Tokyo pindah menyang mréné.[1]
Ing tanggal 1 Oktober 1932, kutha Nerima, Kami-Nerima, Naka-Arai, Desa Shakujii lan Désa Ōizumi digabung karo Kutha Tokyo Lawas. Sadurungé pamekaran dhistrik ing tanggal 1 Agustus 1947, laladan kasebut kalebet bagéan saka Itabashi. Ing taun 1952, Pasukan Bela Diri Jepang ngedekné pangkalan ing Nerima lan nduweni kantor pusat divisi kapisan kelompok wétan Angkatan Pertahanan Bela Diri ing papan kang padha. Pasukan Amérikah Sarékat ing Jepang ya wis duwé basis, Grant Heights, kang pungkasané balik dadi kendali Jepang ing tahun 1973. Grant Heights ya iku lapangan dirgantara Narimasu ing kang dikemunah Tentara Kamaharajan Jepang nganti pungkasan Perang Donya II. Lapangan dirgantara iki saiki wis dadi dalan arteri ing ngarep Pusat Perbelanjaan IMA ing Hikarigaoka.
Saka 23 dhistrik khusus ing Kutha Tokyo, Nerima mapan ing lor-kulon dhéwé. Dhistrik kang ngubengi Nerima ya iku dhistrik mirunggan Itabashi (ing wétan), Suginami, Toshima lan Nakano (ing kidul), sarta kutha-kutha ing Musashino (ing kidul-kulon) lan Nishi-Tokyo (ing kulon). Ing lor, diwatesi déning telung kutha ing Prefektur Saitama: Wako, Asaka lan Niiza.
Sawenèh perusahaan duwé kantor punjer ing Nerima, kaya ta Toei Animation ing Studio Ohizumi,[2] Anime International Company ing AIC Digital Building,[3] Studio Comet,[4] lan Mushi Production.[5]
Taman Hiburan
Museum
Taman
Nerima nyetak buletin kutha ya iku Nerima News Azalea, ing Basa Inggris.[6]
Nerima didadekne latar serial manga lan anime Rumiko Takahashi kang populer banget, ya iku Ranma ½. Kanggo luwih memperkenalke Nerima ing Donya Kulon, Ranma ngenalke Nerima marang pamirsa Kulon, kanthi nampilke pira-pira panggon ing Nerima sebagai latar wingkinge.[7]
Ing serial manga lan anime Tokyo Ghoul, Distrik Nerima dijenengi "Dhistrik ke-20 Tokyo", papan Kedai Kopi Anteiku lan pusat saka latar papan ing serial kasebut.[8]
Nerima nduweni sesambetan kutha kembar karo Ipswich, Queensland, Ostrali. Taman Nerima ing Ipswich dibangun kanggo mengeti dasi. Nerima ya nduweni sesambetan ingkang padha karo Distrik Haidian, Beijing, Tiongkok.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.