Nicolaas Bloembergen
From Wikipedia, the free encyclopedia
Nicolaas Bloembergen (lair ing Dordrecht, 11 Maret 1920; umur 104 taun) inggih punika salah satunggaling fisikawan Amérika Sarékat. Piyambakipun pikantuk gelar Ph.D. saking Universitas Leiden lan Harvard nalika taun 1948. Piyambakipun dados profesor wonten ing Harvard University.[1]
Nicolaas Bloembergen | |
---|---|
Lair | (1920-03-11) Maret 11, 1920 (umur 104) Dordrecht, Nèderlan |
Padunungan | Amérika |
Warga nagara | Nèderlan Amérika |
Alma mater | Leiden University University of Utrecht |
Kondhang ing | Spektroskopi Laser |
Bebungah | Nobel Prize in Physics (1981) Medali Lorentz (1978) IEEE Medal of Honor |
Karièr ngèlmiah | |
Babagan | Fisika Terapan |
Institutions | University of Arizona |
Juru pamrayogya dhoktoral | Edward Purcell |
Juru pamrayoga liyané | Cornelis Jacobus Gorter |
Mahasiswa dhoktoral | Peter Pershan |
Bloembergen ninggalaken Walanda nalika taun 1945 saperlu nglajengaken studi ing Universitas Harvard. 6 minggu sadéréngipun, profesor ing mrika Edward Purcell (sesarengan kaliyan mahasiswanipun Torrey lan Pound) manggihaken resonansi magnetik nuklir utawi RMN. Bloembergen dipundhawuhi saperlu ngembangaken mesin RMN ingkang kapisanan. Sadangunipun wonten ing Harvard piyambakipun "berinteraksi" kaliyan Julian Schwinger, John Hasbrouck van Vleck lan Kemble. Tesisipun Nuclear Magnetic Relaxation dipunajukaken wonten ing Leiden (ing pundi piyambakipun lulus kriteria kualifikasi) lan Harvard. Sabibaripun panunjukkan pascadoktoral ingkang dipunsinged kaliyan C. J. Gorter wonten ing Walanda, piyambakipun kagabung dhateng Harvard lan dipunangkat minangka staf mudha Society of Fellows wonten ing taun 1949 lan lektor kepala nalika taun 1951.[2]
Nalika taun 1958, piyambakipun dipunnaturalisasikaken dados warga nagara Amérika Sarékat.
Piyambakipun dipunanugerhi Medali Lorentz nalika taun 1978. Nicolaas Bloembergen pikantuk Penghargaan Nobel babagan Fisika 1981 sesarengan kaliyan Arthur Schawlow lan Kai Siegbahn kanggé karyanipun wonten ing spektroskopi laser. Bloembergen lan Schawlow ngamati sipat bahan ingkang boten kalacak tanpa laser. Wiwitan, piyambakipun sampun modifikasi maser Charles Townes. Bloembergen dados staf wonten ing Universitas Arizona.[3]
Bloembergen asalipun saking pohon garis akademik Joseph John Thomson, ndhérékaken jejak langkah pamenang Bebungah Nobel sanèsipun ingkang dipunwiwiti déning John William Strutt Rayleigh (Nobel Fisika 1904) lan Josph John Thomson (Nobel Fisika 1906), lan kalajengaken kaliyan Ernest Rutherford (Nobel Kimia 1908), Owen Richardson (Nobel Fisika, 1918) lan pungkasanipun penasihat Bloembergen, Edward M. Purcell (Nobel Fisika 1952). Prof. Bloembergen inggih punika salah satunggaling anggota Dewan Sponsor Bulletin of the Atomic Scientists. Tokoh ingkang gadhah prabawa sanèsipun inggih punika John Van Vleck (Nobel Fisika 1977) lan Percy Bridgman (Nobel Fisika 1946).[2]