Oksigèn
From Wikipedia, the free encyclopedia
Oksigèn utawa zat asem iku unsur kimia sajeroning sistem tabel périodik kang duwé lambang O lan nomer atom 8. Elemèn biyasa lan ana ing endi-endi, tinemu ora mung ing Bumi nanging ing saindhenging alam semesta. Ing Bumi, oksigèn lumrahé gegandhèngan karo unsur liya kanthi kovalen utawa ionik.
| |||||||||||||||||||||||||
Katrangan Umum Unsur | |||||||||||||||||||||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
Jeneng, Lambang, Nomer atom | oksigèn, O, 8 | ||||||||||||||||||||||||
Dhèrèt kimia | non-logam | ||||||||||||||||||||||||
Golongan, Période, Blok | 16, 2, p | ||||||||||||||||||||||||
Panampilan | tak berwarna | ||||||||||||||||||||||||
Massa atom | 15,9994(3) g/mol | ||||||||||||||||||||||||
Konfigurasi elektron | 1s2 2s2 2p4 | ||||||||||||||||||||||||
Cacahing èlèktron saben kulit | 2, 6 | ||||||||||||||||||||||||
Ciri-ciri fisik | |||||||||||||||||||||||||
Fase | gas | ||||||||||||||||||||||||
Massa jenis | (0 °C; 101,325 kPa) 1,429 g/L | ||||||||||||||||||||||||
Titik lebur | 54,36 K (-218,79 °C, -361,82 °F) | ||||||||||||||||||||||||
Titik umob | 90,20 K (-182,95 °C, -297,31 °F) | ||||||||||||||||||||||||
Kalor peleburan | (O2) 0,444 kJ/mol | ||||||||||||||||||||||||
Kalor panguapan | (O2) 6,82 kJ/mol | ||||||||||||||||||||||||
Kapasitas kalor | (25 °C) (O2) 29,378 J/(mol·K) | ||||||||||||||||||||||||
| |||||||||||||||||||||||||
Ciri-ciri atom | |||||||||||||||||||||||||
Struktur kristal | kubus | ||||||||||||||||||||||||
Bilangan oksidasi | −2, −1 (oksida nétral) | ||||||||||||||||||||||||
Elektronegativitas | 3,44 (skala Pauling) | ||||||||||||||||||||||||
Energi ionisasi | pertama: 1313,9 kJ/mol | ||||||||||||||||||||||||
ke-2: 3388,3 kJ/mol | |||||||||||||||||||||||||
ke-3: 5300,5 kJ/mol | |||||||||||||||||||||||||
Jari-jari atom | 60 pm | ||||||||||||||||||||||||
Jari-jari atom (terhitung) | 48 pm | ||||||||||||||||||||||||
Jari-jari kovalen | 73 pm | ||||||||||||||||||||||||
Jari-jari Van der Waals | 152 pm | ||||||||||||||||||||||||
Lain-lain | |||||||||||||||||||||||||
Sifat magnetik | paramagnetik | ||||||||||||||||||||||||
Konduktivitas termal | (300 K) 26,58 mW/(m·K) | ||||||||||||||||||||||||
Kecepatan suara | (gas, 27 °C) 330 m/s | ||||||||||||||||||||||||
Isotop | |||||||||||||||||||||||||
| |||||||||||||||||||||||||
Referensi |
Oksigèn ora kaiket (uga ingaran molekul oksigèn, utawa dioksigen, O2, molekul diatomik) pisanan muncul sajeroning cacah kang signifikan ing Bumi sajeroning era Paleoproterozoik (antara 2,5 milyar taun lan 1,6 milyar taun kapungkur) minangka produk saka aktivitas metabolik déning organisme anaerob wiwitan (archaea lan baktèri). Akèhé oksigèn bébas ing atmosfer ing epoch géologi sabanjuré lan paningkatan konsentrasiné nganti tingkat wektu iki mligi disebabaké sintesis saka organisme fotosintetik; watara telungprapat dikasilaké déning alga lan mikroorganisme ijo ing sagara, lan seprapat manèh déning tuwuhan ing dharatan.