Papan Anggegana Internasional Norman Manley
From Wikipedia, the free encyclopedia
Papan Anggegana Internasional Norman Manley (IATA: KIN, ICAO: MKJP), sadurungé dikenal minangka Papan Anggegana Palisadoes, ya iku salah sijiné papan anggegana kang nglayani kutha Kingston ing Jamaika. Bebarengan karo Papan Anggegana Internasional Sangster, papan anggegana iki dadi hub kanggo Air Jamaica. Saiki papan anggegana iki dadi hub kanggo Caribbean Airlines. Jeneng papan anggegana iki diwènèhake kanggo ngormati Norman Washington Manley. Ing papan anggegana iki ana punjul 130 penerbangan internasional saben minggu.[1] Papan Anggegana iki mapan ing beting Palisadoes ing pérangan jaba Pelabuhan Kingston; ing pérangan ana kutha kang madep marang Laut Karibia.