![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/6/62/Papua_Selatan_in_Indonesia.svg/langjv-640px-Papua_Selatan_in_Indonesia.svg.png&w=640&q=50)
Papuah Kidul
From Wikipedia, the free encyclopedia
Papua Kidul ya iku salah sawijining provinsi ing Indonésia kang dimekarké saka Provinsi Papua.[1] Kutha krajané ana ing Kabupatèn Merauke, pernahé ing Kota Terpadu Mandiri (KTM) Salor, Distrik Kurik 56 km saka Kutha Merauke.[2] Provinsi iki dimekarké saka Provinsi Papua bareng karo rong provinsi liyané, ya iku Papua Pagunungan lan Papua Tengah miturut Undhang-undhang Nomor 14 Tahun 2022.[3] Wiwitané pamekaran Provinsi Papua Kidul dumadi saka limang kabupatèn, ya iku Kabupatèn Asmat, Kabupatèn Boven Digoel, Kabupatèn Mappi, Kabupatèn Pegunungan Bintang, lan Kabupatèn Merauke. Amarga dideleng saka pernahé wewengkon, Kabupaten Pegunungan Bintang dumadi ing pérangan saka Provinsi Papua.[4][5]
Sunyata Rikat Papua Kidul, Nagara ...
Papua Kidul | ||
---|---|---|
Provinsi | ||
| ||
Sesanti: Maju Negeriku | ||
![]() Peta Papua Kidul ing Indonésia | ||
Nagara | ![]() | |
Dikukuhaké | 25 Juli 2022 | |
Kutha krajan | ![]() | |
Pamaréntahan | ||
• Body | Pamaréntah Papua Kidul | |
• Gubernur | Apolo Safanpo | |
• Wakil Gubernur | - | |
Laladan | ||
• Gunggung | 117.833,92 km2 (4,549,593 sq mi) | |
Cacah warga (2023) | ||
• Gunggung | 526.777 | |
• Pepadhet | 0,045/km2 (0,12/sq mi) | |
Dhémografi | ||
• Agama | Katulik 49.58%, Protèstan 22.88% Islam 27.39%, Hindhu 0.11%, Buda 0.04% | |
• Basa | Indonésia (resmi) | |
Zona wektu | Wektu Indonésia Wétan (UTC+9) | |
Kodhe ISO 3166 | ID-PS | |
Tandha tetungganan | DS | |
Situs wèb | Situs resmi pamaréntah |
Tutup