Pencak silat
From Wikipedia, the free encyclopedia
Pencak silat utawi silat inggih punika satunggaling seni béla dhiri tradisional ingkang asalipun saking Kapulauan Nuswantara(Indonesia). Seni béla dhiri punika kawentar wonten ing Indonésia, Malaysia, Brunéi, lan Singapura, Filipina kidul, lan Thailand kidul sarujuk kaliyan panyebaran pinten-pinten suku bangsa Nuswantara.[1]
Awit peran pelatih saking Indonésia, Vietnam sakpunika ugi sampun gadhah pesilat-pesilat ingkang kiyat. Babon organisasi pencak silat ing Indonésia punika Ikatan Pencak Silat Indonesia (IPSI). Organisasi ingkang dadi wadhah fèderasi-fèderasi pencak silat ing macem-macem nagara punika dipunsebut Persekutuan Pencak Silat Antara Bangsa (Persilat), ingkang dipunsengkuyung déning Indonésia, Singapura, Malaysia lan Nagara Brunéi Darussalam.
Pencak silat punika olahraga bela dhiri ingkang mbetahaken konsèntrasi.[2] Wonten akulturasi saking budaya Cina, agama Hindu, Budha, lan Islam sakjeroning pencak silat. Kulinanipun saben wilayah ing Indonésia gadhah aliran pencak silat ingkang khas. Upamanipun, wilayah Jawa Barat misuwur aliran Cimandé lan Cikalong, ing Jawa Tengah wonten aliran Merpati Putih lan ing Jawa Timur wonten aliran Perisai Dhiri.
Saben patang taun ing Indonésia ana tandhing pencak silat nasional arané Pekan Olahraga Nasional. Pencak silat ugi sampun moncér kanthi SEA Games wiwit taun 1987. Ing nagara manca ugi kathah tiyang remen pencak silat kaya ta ing Australia, Walanda, Jerman, lan Amerika.[2]
Ing tataran nasional olahraga pencak silat dados sebab raket nuswantara, ugi ndamel arum jeneng negara, lan dados idhèntitas bangsa.[3] Olahraga pencak silat sampun adu tanding kanthi skala internasional. Ing Indonésia kathah sanget aliran-aliran ing dalem pencak silat, kanthi kathahipun aliran punika nuduhaken kasugihan budaya masarakat ing Indonésia kanthi nilai-nilai wonten ing dalemipun.
Ing sasi Maret 2017, Pencak Silat sampun dipunajukaken déning Pamarèntah Républik Indonesia menyang UNÈSCO minangka Warisan Budaya Tak Benda Dunia. Punika minangka salah satunggaling upaya pamarèntah kanggé majokaken pencak silat minangka warisan budaya Indonésia. Mupangat kanggé Pencak Silat, ingkang diakoni minangka Warisan Budaya Tak Benda Dunia inggih punika pikantuk pangakuan internasional, pikantuk kasempatan dipuntandingaken wonten ing dalem cabang olahraga ing Olimpiade lan masayarakat internasional saged njelajah nilai-nilai budaya sing ana ing silat.