Penjalin utawa Rotan iku sakelompok palma saka rumpun (tribus) Calameae sing duwé habitus mrambat, mligi Calamus, Daemonorops, lan Oncocalamus. Rumpun Calameae dumadi saka watara nem atus anggota, kanthi laladan panyebaran ing pérangan tropis Afrika, Asia lan Australasia. Sajeroning rumpun iki kalebu uga marga Salacca (upamané salak), Metroxylon (upamané rumbia/sagu), sarta Pigafetta sing ora mrambat, lan kanthi tradhisional ora digolongaké penjalin.

Sunyata Rikat Rattan, Klasifikasi ngèlmiah ...
Rattan
Thumb
Calamus rotang
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Arecales
Famili: Arecaceae
Subfamili: Lepidocaryoideae
Tribe: Calameae
Genera
Rotan:
Calamus
Daemonorops
Oncocalamus
Calameae non-rotan:
Calospatha
Ceratolobus
Eremospatha
Eugeissonia
Korthalsia
Laccosperma
Metroxylon
Myrialepis
Pigafetta
Plectocomia
Plectomiopsis
Raphia
Salacca

Zalacella

Tutup

Wit penjalin racaké dawa kanthi diameter 2–5 cm, mawa ros, ora growong, lan akèh ditutupi eri eri dawa, atos, lan landhep. Eri iki fungsiné minangka piranti pertahanan dhiri saka hèrbivor, sisan mbantu mrambat, amarga penjalin ora duwé sulur. Sawijining wit penjalin bisa nganti atusan mèter dawané. Wit penjalin ngetokaké banyu naika ditebas lan bisa kanggo cara bertahan urip ing alam bébas. Warak jawa diweruhi uga kerep mangan wit penjalin.

Sebagian gedhé penjalin asal saka alas ing Malaysia, Sumatra, Jawa, Borneo, Sulawesi, lan Nusa Tenggara. Indonesia nyadiakaké watara 70% kabutuhan penjalin donya. Sisa pasar diisi saka Malaysia, Filipina, Sri Lanka, lan Bangladesh.

Penjalin rikat tuwuh lan relatif gampang dipanèn sarta ditransprotasi. Bab iki uga dianggep mbantu njaga kalestarèn alas, amarga wong luwih seneng manèn penjalin tinimbang kayu.

Kagunan

Thumb
Kursi penjalin.

Penjalin sing umum dipigunakaké sajeroning indhustri ora patiya akèh. Sawetara sing paling umum ya iku Manau, Batang, Tohiti, Mandola, Tabu-Tabu, Suti, Sega, Lambang, Blubuk, Jawa, Pahit, Kubu, Lacak, Slimit, Cacing, Semambu, sarta Pulut.

Sawisé diresiki saka pelepah sing mawa eri, penjalin asalan kudu diawètaké lan kalindhung saka jamur Blue Stain. Lumrahé ana loro prosès pangolahan bahan baku penjalin: Pemasakan nganggo lenga kanggo penjalin ukuran sedheng /gedhé lan Pengasapan nganggo weliramg tumrap penjalin ukuran cilik.

Sabanjuré penjalin bisa diolah dadi manéka bahan baku, upamané digawé Peel (kupasan)/Sanded Peel, dipolès /semi-poles, digawé core, fitrit utawa star core. Séentra indhustri kerajinan lan mèbel penjalin gedhé dhéwé ing Indonesia dumunung ing Cirebon.

Pemanfaatan penjalin mligi minangka bahan baku mèbel, kaya kursi, méja tamu, sarta rak buku. Penjalin duwé sawatara kaunggulan tinimnbang kayu, ya iku luwih ènthèng, kuwat, elastis / gampang diwangun, sarta murah. Kelemahan utama penjalin ya iku gampang kena kutu bubuk "Pin Hole".

Masarakat suku Dayak ing Kalimantan Tengah manfaataké wit penjalin anom minangka komponèn janganan.[1]

Cathetan sikil

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.