From Wikipedia, the free encyclopedia
Perang Karbala iku perang kang kadadéan ing tanggal 10 Muharram, taun angka 61 saka pananggalan Islam (9 utawa 10 Oktober 680)[2][3] ing Karbala, kang saiki dumunung ana ing tlatah Irak. Perang iki kadadéan antarané kulawarga putuné Muhammad, Husain bin Ali mungsuh wadya kang dikirim déning Yazid bin Muawiyah, Khalifah Bani Umayyah wektu iku.
Perang Karbala | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Hussein bin Ali kang lagi gendhong bayi nalika perang | |||||||
| |||||||
Péhak kang perang | |||||||
Bani Umayyah | Kulawarga Keturunan Ali | ||||||
Pangarep | |||||||
Ubaidillah bin ZiyadUmar bin Sa'ad | Husain bin AliAbbas bin Ali | ||||||
Kakuwatan | |||||||
5.000-30.000[1] | 72-145 |
Saka klompoké Husain iku saka kulawarga cedhaké Muhammad, kurang luwih ana 128 cacahé. Ing kono ana wong wadon lan ana uga bocah cilik. Lan mungsuhé Husain iku cacahé kurang luwih ana 4.000 nganti 30.000[1] prajurit kang dipanggedhèni déning Umar bin Sa'ad.
Perang iki banjur dipèngeti suwéné 10 dina ing sasi Muharram déning Muslim Singah. Acara iki uga dilakoni déning kaum Sunni, ing kono pèngetan kang paling ramé ing tanggal 10 dina Asyura.[4]
Saben taun tanggal 20 November, Arbaeen Walk dieling-eling. Ing Irak, udakara 14 nganti 40 yuta wong saka negara liya sing lumaku-lumaku.[5][6]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.