Hanyu Pinyin (Hanzi Sederhana: 汉语拼音; Hanzi Tradisional: 漢語拼音; Pinyin: Hànyǔ Pīnyīn; [pʰín ín]) iku tatalaku jawatjati (Ind: sistem resmi) kanggo angowahi aksara Cina menyang aksara Latin ing nagara Cina, Taiwan[1], Singapura, lan Malaysia kang uga karanan caralatin. Tatalaku iki kerep dinggo amulang basa Mandharin angéja jeneng Cina ing publikasi manca lan kanggo lebonan (input) menyang komputer kang anganggo aksara Kan (Cina) (汉字 / 漢字, hànzì).
Sunyata Rikat Cina, Alih-aksara ...
|
|
Cina | 拼音 |
---|
Alih-aksara |
---|
|
Hanyu Pinyin | pīnyīn |
---|
Bopomofo | ㄆㄧㄣ ㄧㄣ |
---|
|
Latinisasi | phin平 in平 |
---|
|
Latinisasi | pin24 im24 |
---|
|
Jyutping | ping3 jam1 |
---|
|
Hokkien POJ | peng-im/pheng-im |
---|
|
|
Cina Padatan | 漢語拼音方案 |
---|
Cina Prasaja | 汉语拼音方案 |
---|
Alih-aksara |
---|
|
Hanyu Pinyin | Hànyǔ pīnyīn fāng'àn |
---|
Bopomofo | ㄏㄢˋ ㄩˇ ㄆㄧㄣ ㄧㄣ ㄈㄤ ㄢˋ |
---|
|
Latinisasi | hoe去 nyiu上 phin平 in平 faon平 oe去 |
---|
|
Latinisasi | hon55 ngi24 pin24 im24 fong24 on55 |
---|
|
Jyutping | hon3 jyu5 ping3 jam1 fong1 on3 |
---|
|
Hokkien POJ | hàn-gú pheng-im hong-àn |
---|
|
|
Tutup
Tatalaku iki digawé ing taun 1950 an M adhadhasar wangun caralatin sadurungé, lan dibabar déning pamaréntah Cina ing taun 1958 kanthi bola-bali dibenakake.[2] The International Organization for Standardization ajupuktrima (Ind: mengadopsi) pinyin saemper caralatin baku kanthi baunagara (Ind: international) ing taun 1982 M.[3] Tatalaku iki didadèkaké baku ing Taiwan ing taun 2009 M, lan lumrahé karan Tatalaku Swarajati Anyar.[4][5]
Hànyǔ tegesé basa pocapan saka Wong Han lan pinyin kanthi barès tegesé 'swarajati' utawa 'pocapan' (Ing: phonetics).[6]