Prau dlajah Jepang Nagara
From Wikipedia, the free encyclopedia
Prau Nagara (長良, Prau Nagara?) iku prau dlajah ènthèng klas Nagara kang kaanggo nalika Perang Donya II darbéné Wadya Sagara Kamaharajan Jepang.[1] Aran prau iki saka jenengé Kali Nagara ing Chūbu, Jepang.
Nagara kapernahaké rikala 9 Sèptèmber 1920 ing Sasebo, Nagasaki déning Astragara Wadya Sagara Sasebo; banjur kababar rikala 25 April 1921. Prau iki kinepyakaké rikala 21 April 1922.[2] Prau iki kèrem rikala 7 Agustus 1944 ing Sagara Cina Wétan (32°09′N 129°53′E).