Salomon Kalou
From Wikipedia, the free encyclopedia
Salomon Kalou lair ning Oumé, Pasisir Gading, padha karo kakange Bonaventura, Kalou miwiti karir bal-balan saka klub lokal sadurungé maen ning Éropah. Guy Roux Auxerre, pelatih pengen ngontrak dhèwèké kanggo nyatukke karo seduluré, mantan juru main Feyenoord, Bonaventure Kalou. Ing taun 2003 Kalou nanda tanagani kontrak ning Feyenoord Rotterdam. Ing taun 2004 dhèwèké pindah ning klub satelit. Nanging dhèwèké balik ning Feyenoord lan maen ning Walanda ing taun 2004-2006. Ing wektu iku ning Feyenoord Salomon Kalou nyetak gol 35 ing 67 tampil dhèwèké kanggo klub Rotterdam, lan uga njuwarai penghargaan individu Johan Cruijff ing taun 2005 amarga bakat enom sing njanjikke ing taun iku. Kalou pindah ning Chelsea FC ing taun 2006, biyaya sing dikandhakke, dipercaya kira-kira £ 9.000.000. Dikontrak karo Chelsea FC nganti taun 2009, Kalou diwènèhi nomer 21 Jersey. Mantan manajer Chelsea FC Jose Mourinho muji juru main enom Pasisir Gading amarga duwé rasa makarya apik, fleksibel, nduwé rasa pengen maju, lan ora wedi karo fisik juru main bal sing luwih gedhé. Ing pusat latihan Chelsea FC dhèwèké naté gawa kodhak kanggo nyothing juru main bal sing luwih kondhang kaya déné Michael Ballack, John Terry, dan Didier Drogba.
Salomon Kalou | ||
Informasi Pribadi | ||
---|---|---|
Jeneng jangkep | Salomon Armand Magloire Kalou[1] | |
Tanggal lair | (1985-08-05) 5 Agustus 1985 (umur 38) | |
Papan lair | Oumé, Côte d'Ivoire | |
Dhuwur | 1.86 m (6 ft 1 in)[2][3] | |
Posisi main | Winger / Forward | |
Club information | ||
Klub saiki | Hertha Berlin | |
Nomer | 21 | |
|