Sampanye
From Wikipedia, the free encyclopedia
Sampanye punika satungaling unjukan khas Prancis.[1] Unjukan punika dipundamel saking sari anggur, kalebet unjukan ingkang ngandhut alkohol.[2] Sampanye asalipun saking wewengkon Champagne, Prancis[3] kinten-kinten tebihipun kalih jam saking Paris dhateng lèr-wétan.[4] Prosés prodhuksi sampanye dipuntindakaken kanthi cara fermèntasi alkohol ingkang ngasilaken sodha salebeting botol.[4] Dipuntambahaken yeast lan gendhis watu lajeng dipunsimpen rumiyin satunggal setengah taun dangunipun supados raosipun dados éca.[4]
Sejatosipun sampanye punika salah satunggalipun jinis winé, ingkang dipundamel saking campuran anggur.[5] Ingkang mbéntenaken sampanye kaliyan winé punika wewengkon asalipun.[5] Sampanye ngandhut sodha ingkang kadamel amargi prosés fermèntasi gendhis lan ragi.[5] Sasampunipun dipuncampur kekalihipun ngréaksi mujudaken karbondioksida saéngga ngasilaken sodha.[5] Satunggal botol sampanye saged gadhah 49 yuta umpluk sodha.[5] Saya alit wujudipun sodha/umpluk ndadosaken saya saé kwalitasipun sampanye.[5]