From Wikipedia, the free encyclopedia
Singa (Sansekreta: Siṃha) inggih punika sato ingkang kagolong kulawargi Felidae utawi jinis kucing. Ing basa Latin singa dipunwastani Panthera leo. Singa gesangipun wonten kelompok. Limrahipun kasusun saking satunggal singa jaler mawi kathah singa èstri. Kelompok puniki banjur njagi teritoriumipun. Awratipun kirang langkung antawis 180 ngantos 250 kilogram. Yuswanipun antawis 10 ngantos 15 warsa ing alas. Nanging manawi dipunopèni saged ngantos 20 warsa.
Singa | |
---|---|
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Animalia |
Filum: | Chordata |
Klas: | Mammalia |
Ordho: | Carnivora |
Famili: | Felidae |
Génus: | Panthera |
Spésies: | P. leo |
Jeneng binomial | |
Panthera leo (Linnaeus, 1758) | |
Kala rumiyin, singa gesang ing saubenging tlatah Afrika, Wétan Tengah kaliyan siti Hindhustan. Nanging sapunika habitatipun namung wonten ing sapérangan alit Afrika kaliyan Indhia.
Singa punika dipunanggep sato ingkang megah piyambak kaliyan ugi asring dipunanggep ingkang ngratoni sato-kéwan sanèsipun. Dados asring dipunwastani "Raja Singa" ing cariyos-cariyos.
Singa ugi asring dipundamel pralambang wonten ing sakathing nagari, pralambang wonten ing horoskop, lan sapanunggalanipun.
Singa ugi kathah dipunanggé nami kitha. Ing andhap punika conthonipun:
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.