Singapura
nagara ing Asia Kidul-Wétan / From Wikipedia, the free encyclopedia
Singapura (Inggris Singapore; Mandarin 新加坡 (Xīnjiāpō); Tamil சிங்கப்பூரசு (Ciŋkappūr)) iku nagara kutha ing Asia Kidul-Wétan. Nagara ini jembaré 704 km² lan kang ndunungi ana 4,7 yuta jiwa.
'Motto: ''"Majulah Singapura" (Melayu) "Majua, Singapura" | |
Gunagita: 'Majulah Singapura | |
Kuthagara | Kutha Singapura1 |
Jawatbasa | Inggris Cina Malayu Tamil |
Papréntahan | Républik Parleméntér |
Tharman Shanmugaratnam | |
• Mahamantri | Lee Hsien Loong |
Kamardhikan | |
• City status | 24 Juli 1951 |
3 Juni 1959 | |
• Proklamasi Kamardhikan | 31 Agustus 1963 |
• Pisah saka Malaysia | 9 Agustus 1965 |
• Banyu (%) | 1.444 |
Population | |
• Pikira-kira 2007 | 4.680.600 jiwa (angka 117) |
• Cacahjiwa 2000 | 4.117.700 jiwa |
GKK (ITK) | Pikira-kira 2006 |
• Gunggung | US$137.7622 billion (54th) |
• Saben wong | US$30,723.61 (17th) |
IPM (2006) | 0.916 Error: Invalid HDI value · 25th |
Artacihna | Singapore dollar (SGD) |
Laladan wektu | UTC+8 (SST) |
• Mangsa ketiga (AKK) | UTC+8 (not observed) |
Kodhé bèl | 65 |
TLD internèt | .sg |
02 from Malaysia. |
Nagara iki kapisah saka Malaysia déning Selat Johor ing sisih lor, lan saka Kapuloan Riau, Indonésia déning Selat Singapura ing sisih kidul. Singapura minangka pusat kauangan urutan kapapat ing donya[1] lan minangka kutha donya kosmopolitan kang mainaké peran wigati sajeroning perdagangan lan kauangan internasional. Plabuhan Singapura iku siji saka lima plabuhan paling ramé ing donya.[2]
Singapura duwé sajarah imigrasi kang dawa. Sing ndunungi gunggung 5 yuta jiwa, dumadi saka ètnik Cina, Melayu, India, manéka katurunan Asia, lan Kaukasoid.[3] 42% kang ndunungi Singapura wujud wong mancanagara kang nyambutgawé lan ngangsu kawruh. Pekerja manca minangka 50% saka sèktor jasa.[4][5] Nagara iki minangka kang paling padhet kaloro ing donya sawisé Monako.[6] A.T. Kearney nyebut Singapura minangka nagara paling kaglobalisasi ing donya ing Indèks Globalisasi taun 2006.[7]