From Wikipedia, the free encyclopedia
Indèks Pangyasa Manungsa (IPM) / Human Development Index (HDI) iku pangukuran perbandingan saka pangarep-arep urip (harapan hidup), melèk aksara, pendhidhikan lan baku urip tumrap kabèh nagara saindenging donya. IPM kanggo klasifikasi apa sawiji nagara minangka nagara maju, nagara tumuwuh utawa nagara kari lan uga kanggo ngukur prabawa saka kawicaksanan ékonomi marang kualitas urip.[2]
Indèks iki ing taun 1990 dikembangaké déning pamenang nobel India Amartya Sen lan ékonom Pakistan Mahbub ul Haq, sarta dibantu déning Gustav Ranis saka Yale University lan Lord Meghnad Desai saka London School of Economics. Wiwit dina iku indèks iki dianggo déning Program pangyasa PBB sajeroning lapuran IPM tahunané.
Amartya Sen nggambaraké indèks iki minangka "pangukuran vulgar" amarga watesané. Indèks iki luwih fokus marang bab-bab sing luwih sènsitif lan migunani tinimbamng mung saukur pametu perkapita sing salawasé iki dianggo. Indèks iki uga migunani minangka kreteg tumrap paneliti sing serius kanggo meruhi bab-bab sing luwih rinci sajeroning lapuran pangyasa manungsa.
IPM ngukur pencapaian rata-rata sawiji nagara sajeroning 3 dimènsi dhasar pangyasa manungsa:
Saben taun Pratélan nagara miturut IPM diumumaké miturut panilaian ing dhuwur. Pangukuran alternatif liya ya iku Indèks Kemiskinan Manungsa sing luwih fokus marang kemiskinan.
Lumrahé kanggo ngowahi sawijining variabel awal, umpamané , tumrap sawiji index bébas antara 0 lan 1 (sing ngéntukaké indèks sing béda kanggo ditambahaké minangka siji kesatuan), formula sing dianggo ya iku:
ing ngendi lan wujud variabel angka maksimum lan minimum sing bisa diasilaké.
IPM nggambaraké telu indhikator umum:
LE: Angka pangarep-arep urip
ALR: Angka melèk aksara
CGER: Combined gross enrollment ratio
GDPpc: PDB perkapita miturut PPP sajeroning USD
UNDP wis nyiptakaké cathetan tèknis pangitungan IPM (pirsani pranala ing ngisor).
cathetan: Tanggal 18 December 2008 diluncuraké sistem pangitungan anyar marang IPM kanthi nglebokaké GDP PPP sing anyar. Bab iki duwé akibat marang owahing angka IPM saben nagara lan rangkingnya ing donya. Miturut pratélan sing anyar, IPM indonésia ing taun 2007 ya iku = 0,734 [5]
Lapuran iki diumumaké ing Cape Town, Afrika Kidul tanggal 9 November 2006.[6]
0.936 ( 1)
0.904 ( 1)
Afrika 047. Cithakan:Country data SEY 0.842 ( 4) |
Asia 007. Jepang 0.949 ( 4) |
Éropa 001. Nurwègen 0.965 () |
Amérika Lor 006. Kanadha 0.950 ( 1) |
Oséania 003. Ostrali 0.957 () |
Amérika Kidul 036. Argèntina 0.863 ( 2) |
|
|
|
|
Nagara-nagara kanthi IPM nomer siji ing pratélan taun-taun kapungkur.
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.