Singapore Flyer
From Wikipedia, the free encyclopedia
Singapore Flyer inggih punika kapsul pengamatan paling inggil ing donya,[2] kanthi inggil antawis 165 mèter, langkung inggil 5 mèter saking Star of Nanchang ing China lan 30 mèter langkung inggil saking London Eye ing Inggris. Singapore Flyer nawakaken sesawangan 3 nagara langsung, Singapura, Malaysia (Johor) lan Indonésia (Batam).
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
The Singapore Flyer | |
Lokasi | Singapura |
Status | Selesai dibangun |
Groundbreaking | 25 September 2005 |
Dibangun | 2005-2008 |
Pambukaan | 11 Fèbruari 2008 (ruang winates) [butuh sitiran] 1 Maret 2008 (operasional) 15 April 2008 (resmi) |
Panggunaan | Kendaraan pengamatan |
Payon | 165 m (541 ft) |
Area lantai | 33,700 m2 (362,700 sq ft) |
Biaya | S$240 juta (US$180 juta) (£90 juta) (Rp.1,44 triliun [1]) |
Perusahaan | |
---|---|
Arsitèk | Kisho Kurokawa Architects & Associates, DP Architects |
Insinyur Struktural | Arup |
Kontraktor | Mitsubishi-Takenaka Consortium |
Developer | Melchers Project Management [butuh sitiran] |
Pemilik | Singapore Flyer Pte Ltd [butuh sitiran] |
Kapsul pungkasan kapasang rikala 2 Oktober 2007, roda wiwit dipunputer rikala tanggal 11 Fèbruari 2008 lan Singapore Flyer dipunbikak kanggé umum wiwit tanggal 1 Maret 2008.[3] Tiket kasadé kanggé 3 ndalu pisanan kanthi regi S$8.888 (antawis Rp.63.993.600 [1], sawijining angka kabegjan miturut kapitadosan Tionghoa.[2] Nalika dipunbikak ingkang pisanan dados papan pengamatan sesawangan paling inggil ing Singapura.
Singapore Flyer kasungsun saking roda pengamatan kanthi diameter 150 mèter, wonten ing kliling roda mau wonten 28 kapsul kanthi pendingin udara ingkang saged nampung 28 tiyang, lan gedhong terminal 3 lanté ingkang wonten ing salebetipun wonten warung souvenir, restoran, lan bar. Kanggé satunggal puteran jangkep, Singapore Flyer mbetahaken wekdal 37 menit. Nalika wiwitan, Singapore Flyer muter kanthi nglawan arah jarum jam, nanging saking pamanggihipun para ahli Feng Shui, putaran Singapore Flyer dipunewahi tanggal 4 Agustus 2008.[4]