Sony Dwi Kuncoro (lair Surabaya, Jawa Timur, 7 Juli 1984) iku juru main badminton saka Indonésia. Ing Olimpiadhe Athena 2004, putra pasangan Mochammad Sumadji lan Asmiati iki ngrebut medhali prunggu tunggal putra sawisé ngalahaké Boonsak Ponsana saka Thailand kanthi angka 15-11, 17-16.

Sunyata Rikat Katerangan pribadi, Nagara ...
Sony Dwi Kuncoro
Thumb
Katerangan pribadi
Nagara Indonésia
Dhuwur1.72 m (5 ft 7 12 in)
Tangan sing dipigunakakéRight
PalatihHendrawan
Men's singles
Urut dhuwur dhéwé3 (October 7, 2004[1])
Urut saiki6 (May 15, 2008)
Profil BWF
Tutup

Sony sabanjuré njuwarani Kajuwaraan Badminton Asia ing 11 September 2005 ngalahaké juru main Malaysia, Kuan Beng Hong.

Sony dadi tunggal kasiji ing tim Thomas Cup Indonésia.

Lumakuné karir

Turnamèn utama

Katerangan liyané Rangking, Adon-adon ...
Rangking Adon-adon Tanggal Papan
Olimpiade mangsa panas
3 Tunggal Olimpiade mangsa panas 2004 Athena, Yunani
Piala Donya IBF
2 Tunggal Piala Donya IBF 2007 Kuala Lumpur, Malaysia
Piala Asia
1 Tunggal 2002
1 Tunggal 2003
1 Tunggal 2005
2 Tunggal 2004
Tutup

Olimpiadhe mangsa panas 2004

Sunyata Rikat Badminton ing Olimpiade mangsa panas Putra ...
Rèkor medali Olimpiade
Badminton ing Olimpiade mangsa panas Putra
PrungguOlimpiade mangsa panas 2004 AtenaSingle
Tutup

Sony Kuncoro main tunggal putra ing Olimpiadhe mangsa panas 2004, ngalahaké M. Roslin Hashim saka Malaysia lan Jim Ronny Andersen saka Nurwègen ing rong babak pisanan. Ing babak saprapat final, Sony Dwi Kuncoro ngalahaké Park Tae-sang saka Koréa 15-13, 15-4. Sony Dwi Kuncoro maju menyang babak semi final, nanging dikalahaké déning Shon Seung-mo saka Koréa 15-6, 9-15, 15-9. Ing parebutan medhali prunggu Sony mimpang lawan Boonsak Ponsana saka Thailand kanthi biji 15-11, 17-16.

Piala Donya IBF 2007

Sony nggayuh juwara loro ing Piala Donya IBF 2007 sawisé kalah saka Lin Dan kanthi rong sèt langsung ya iku 11-21 lan 20-22 ing Putra Stadium, Bukit Jalil, Malaysia.

Prèstasi liyané

Ing tanggal 23 September, 2007, Sony mimpangaké Taiwan Tarbuka sawisé ngalahaké Taufik Hidayat ing babak final kanthi skor 18-21, 21-6, 21-13. Sony uga kaping pidho mimpangaké medhali emas tunggal putra ing SEA Games (2003, 2005). Ing SEA Games 2007, Sony uga dadi anggota tim Indonésia mimpangaké medhali emas tim putra.

Partisipasi ing tim Indonésia

Réferènsi

Pranala njaba

Wikiwand in your browser!

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.

Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.