![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/4/48/Sugar_apple_with_cross_section.jpg/640px-Sugar_apple_with_cross_section.jpg&w=640&q=50)
Srikaya
jinisé wit / From Wikipedia, the free encyclopedia
Srikaya (basa Latin: Annona squamosa), iku tetuwuhan sing kagolong ing sajeroning génus Annona sing asalé saka laladan tropis.[1]
Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Jeneng binomial ...
Srikaya | |
---|---|
![]() | |
Woh srikaya | |
![]() | |
Godhong srikaya | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Angiospermae |
Unranked: | Magnoliids |
Ordho: | Magnoliales |
Famili: | Annonaceae |
Génus: | Annona |
Spésies: | A. squamosa |
Jeneng binomial | |
Annona squamosa L. | |
Tutup
Woh srikaya wanguné bunder, kulité matané akèh (kaya sirsat).[1] Daging woh wernané putih.[1]
Klebu semak semi-ijo langgeng utawa wit sing meranggas tekan 8 m dhuwuré.[1] Godhongé selang-seling, prasaja, lembing mbujur, 7–12 cm dawané, lan ambané 3–4 cm.[1] Kembangé tuwuh ing tandhan cacahé 3-4, saben kembang ambané 2–3 cm, kanthi enem godhong kembang/kelopak, kuning-ijo mawa bintil ungu ing dhasaré.[1]
Wohé biasaé bunder utawa mèmper kerucut cemara, dhiameteré 6–10 cm, kanthi kulit benjol-benjol lan sisiken.[1] Daging wohé putih, mèmper lan rasané kayapodeng.[1]