Stretford
From Wikipedia, the free encyclopedia
Stretford (cacah warga 46.910) inggih menika satunggaling kitha ing Trafford, Greater Manchester, ing nagari Inggris.[1] Mapan ing antawisipun Lèpèn Mersey kaliyan Terusan Baita Manchester, tebihipun 6,2 km (6,1) arah kilèn-kidul saking punjering Kitha Manchester, 4,8 km arah kidul saking Kitha Salford, lan 6,8 km arah lèr-wètan saking Altrincham.[1]
| |||
Stadhion Old Trafford ing Stretford Kitha Stretford | |||
Nagara | Inggris | ||
Metropolitan Borough | Trafford | ||
Metropolitan County | Great Manchester | ||
Wilayah | Kilèn-Lèr | ||
Wewengkon -Wiyaripun: |
10.6 km² | ||
Padunung -Total (2008): -Kapadhetan: |
46,910 (2011) 3,439 jiwa/km²[1] | ||
Tetenger Wébsite | www |
Stretford mapan jèjèran kaliyan Kitha Chorlton-cum-Hardy ing sisih wétanipun, lan Kitha Urmston ing sisih kilèn, Salford ing sisih lèr, lan Sale ing sisih kidul. Kanal Bridgewater nyigar lan mérang kitha wau.
Duk nguni ing Lancashire, wekdal abad kaping 19, Stretford menika kalebet satunggaling dhusun ingkang misuwur kanthi nama Porkhampton amargi kathahipun transaksi dol-tinumbas kéwan babi ing peken Manchester. Kala samanten, warganipun nyambet damel ing babagan tetanèn. Kitha menika ugi kalebet gadhah laladan kebon ingkang wiyar, ngasilaken langkung saking 500 ton kacang (508 t) sayuran ing saben minggu kanggé dipunsadé ing Manchester ing taun 1845. Awit saking yasanipun Terusan Baita Manchester ing taun 1894, lan indhustri Trafford Park ingkang ngrembaka ing sisih lèr kitha, indhustrialisasi ngrembaka kawiwitan ing pungkasaning abad kaping 19. Wekdal taun 2001, kirang saking satunggal persèn warga Stretford ingkang taksih tiyang tani.
Stretford dados markas kanggé klub Manchester United F.C. wiwit taun 1910, lan Lancashire County Cricket Club wiwit taun 1864. Warganing kitha menika ugi kathah ingkang kondhang minangka juru pambudidaya indhustri, tiyang dharma, lan tiyang multi-yuta Manchester kados ta: John Rylands, kang menang téndher Emmeline Pankhurst; juru lukis LS Lowry; Morrissey, vokalis Joy Division; Ian Curtis; lan Jay Kay saking Jamiroquai.