Sundarbans
From Wikipedia, the free encyclopedia
(Shundorbôn) The Sundarbans ya iku muara alas bako kang gedhé dhéwé ing donya.[1] Saliyané iku, Sundarbans uga minangka sawijining Taman kang dadi panggonan pelestarian macan lan tuwuhan biosfer.[1] Taman iki dumunung ing delta Sundarbans ing nagara pérangan Bangladesh Divisi Khulna.[1] Wewengkon iki minangka wewengkon kang padhet amarga ditutupi déning alas mangrove, lan minangka salah siji cadangan kang gedhé dhéwé tumrap macan Benggala.[1] Iki uga dadi omah tumrap pirang-pirang manuk, spésies reptil lan invèrtebrata, kalebu baya banyu uyah.[1]
The Sundarbans | |
---|---|
Janeng ing Pratélan Warisan Donya | |
Jinis | Natural |
Wewaton | ix, x |
Rujukan | 798 |
Tlatah UNESCO | Asia |
Sujarah prasasti | |
Prasasti | 1997 (Sési 21) |
Sekitar rong puluh jinis saka seket enem jinis mangrove kang tinemu ing donya, urip apik ing Sundarbans [2] Vegetasi mangrove iki lumrahé diidentifikasekake ing alas campuran, alas bako, alas pasisir, alas udan teles lan alas suket alluvial.[3] Déné kali ing Sundarbans ya iku panggonan panemone banyu asin lan banyu tawar. Mula wewengkon mau minangka wewengkon transisi antarané banyu tawar saka kali-kali kang asalé saka Kali Gangga lan banyu tawar saka Teluk Benggala.[4]
Vegetasi mangrove mbantu pambentuke daratan anayr lan vegetasi iku mainake peran wigati ing morfologi rawa.[1] Kegiyatan tuwuhan mangrove iki bisa ngrembakake fitur mikromorfologi kanggo nyipta substrat bibit mangrove. Morfologi lan evolusi saka bukit eolian dikendalekake déning tuwuhan xerophytic lan halophytic.[1]