Thein Sein
From Wikipedia, the free encyclopedia
Jendral Thein Sein (Burma: သိန္းစိန္) punika mahamantri Myanmar. Panjenenganipun dipunpatah wulan April 2007[2] minangka mahamantri interim, nggantosaken Soe Win, ingkang nglampahi perawatan médhis.[3][4] Thein Sein dados pangganti tetep Soe Win tanggal 24 Oktober 2007 sasampunipun tilardonyanipun Soe Win tanggal 12 Oktober 2007.[5]
Thein Sein (ing basa Burma) | |
Présidhèn Myanmar | |
---|---|
Mangsa jabatan 4 Fèbruari 2011 – Sapunika | |
[[Wakil Présidhèn Myanmar|Wakil Présidhèn]] | Tin Aung Myint Oo |
Didhisiki déning | Than Shwe (Ketua Dewan Bedhamèn lan Pembangunan Myanmar) |
Diganti déning | Saweg njabat |
Mahamantri Myanmar | |
Mangsa jabatan 24 Oktober 2007 – 4 Fèbruari 2011 Pejabat: April 2007 – 24 Oktober 2007 | |
Leader | Than Shwe |
Didhisiki déning | Soe Win |
Diganti déning | Jabatan ditiadakan |
Miyos | (1945-04-20) 20 April 1945 (umur 78)[1] Pyu, Bago Division |
Partai pulitik | Union Solidarity and Development Party (2010–sapunika) |
Partai pulitik (sanèsipun) | Dewan Bedhamèn lan Pembangunan Nagara (sadèrèngipun 2010) |
Garwa | Khin Khin Win |
Thein Sein nyipeng kalungguhan sekretaris sepindhah salabetipun papréntahan junta Dewan Bedhamèn lan Pembangunan Nagara. Panjenenganipun punika jendral kanthi peringkat paling inggil kaping sekawan ing nagari punika, lan ugi njabat minangka pimpinan Komisi Pamaréntah Konvènsi Nasional ingkang dipunsponsori pamaréntah. Thein Sein nglampahi négosiasi tingkat inggil kaliyan Bangladesh lan Kamboja.[3][4]
Sasampunipun pamatahan resminipun minangka mahamantri, panjenenganipun minggah pangkat dados jendral penuh saking lètnan jendral.[6] Nalika kunjungan kanagaran sepindhahipun ing njawi Myanmar minangka mahamantri, Thein Sein nglampahi négosiasi tingkat inggil kaliyan Laos, Vietnam lan Kamboja.[7][8][9]