Traktat Svalbard
From Wikipedia, the free encyclopedia
Traktat ngengingi Spitsbergen, utawi dipunsebat ugi Traktat Svalbard, inggih punika prajanjén ingkang ngakoni kedaulatan Nurwègen dhateng kepulauan Spitsbergen (sapunika dipunsebat Svalbard). Kedaulatan punika taksih ngalami watesan, lan boten sadaya hukum Nurwègen berlaku. Traktat punika mendemiliterisasikake Svalbard. Sedaya ingkang tapak asta ugi pikantuk hak ingkang sami kanggé nindakaké kagiyatan komersial (ingkang utami penambangan batu bara) ing kapuloanpunika.
Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Prajanjen punika dipuntapak asta ing surya 9 Fèbruari 1920 déning Amérikah Sarékat, Dhènemarken, Perancis, Italia, Jepang, Walanda[1], Nurwègen, Swèdhen, lan Britania Raya (ugi dominion Irlandia, Kanadha, Australia, India, Afrika Selatan, lan Selandia Baru). Wonten pinten-pinten nagari ingkang tapak astanipun pinten taun sasampunipun traktat dipun-ginakaken. Uni Soviet tapak astanipun ing taun 1924, sawatawis Jerman lan Cina ing taun 1925. Sapunika wonten langkung saking 40 ingkang tapak asta.