Trombofilia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Trombofilia ya iku kahanan ing awak nalika getih cepet njendhél. trombofilia uga ditepungi minangka lara getih kenthel. Getih kenthel iki asring ditémoni ing véna utawa jeneng umumé deep vein thrombosis. Trombifillia bisa kadadeyan ing artéri utawa véna. Ing artéri (pambuluh nadi) iki minangka panyalur getih kang duwé ancas kanggo ngedharaké getih saka jantung menyang organ-organ awak. Déné véna (pambuluh balik) minangka payalur getih saka organ awak tumuju ing jantung ménèh. Jendhelan getih iki uga bisa kadadeyan ing peranganing awak liyané kaya ta uteg lan jantung saéngga bisa nyebabaké stroké utawa serangan jantung ing umur kang enom. Prastawa iki gegayutan karo getih kang ora normal kaya ta kakèhan sèl getih abang (polisitemia) utawa kakèhan sèl trombosit (trombositosis utawa trombositemia), pandelahan katup jantung mekanis, utawa protèin lan antibodi kang ora wajar. Saliyané iku, trombofilia nduwéni résiko nggawé perkara ing wong meteng kaya ta kaguguran utawa preeklamsia.[1]