From Wikipedia, the free encyclopedia
Tuberkulosis utawa TB utawa TBC (cekakan pungkasan iki ora akèh dienggo manèh) iku lelara infèksi kang disebabaké déning bakteri Mycobacterium tuberculosis. Lelara iki paling asring nyerang paru-paru sanajan ing saprotelon kasus nyerang organ awak liya lan ditularaké wong menyang wong liyané. Iki uga salah siji lelara tuwa dhéwé kang dikawruhi nyerang manungsa. Yèn diterapi kanthi bener tuberkulosis kang disebabaké déning komplèks Mycobacterium tuberculosis, kang peka marang obat, praktis bisa mari. Tanpa terapi tuberkulosa bakal ngakibataké pepati sajeroning limang taun pisanan ing punjul setengah kasus.
Wikipedia ora tanggung jawab lan ora bisa njamin yèn informasi kedhokteran sing dipratélakaké ing kaca iki bener.Mangga nyuwun pituduh saka tenaga medhis sing profèsional sadurungé ngayahi pangobatan. |
Indonésia ana sajeroning peringkat katelu paling ala ing donya kanggo gunggung panandhang TB. Saben taun muncul 500 èwu kasus anyar lan punjul 140 èwu liyané mati. Satus taun kapungkur, siji saka lima pepati ing Amérikah Sarékat disebabaké déning tuberkulosis.
Tanggal 24 Maret dipèngeti donya minangka "Dina TBC" amarga nalika tanggal 24 Maret 1882 ing Berlin, Jerman, Robert Koch mresentasikaké asil studi ngenani jalaran tuberkulosis kang panjenengané temokaké.
Panularan lelara iki amarga kontak karo dhahak utawa ngisep titik-titik banyu saka wahing utawa watuk saka wong kang kena infèksi kuman tuberkulosis
Tandha-tandha utama tuberkulosis ya iku watuk suwéné 3 minggu utawa luwih, mawa dhahak, lan racaké campur getih. Bisa uga nyeri dhadha, mata abang, kèlangan nafsu mangan, sesek napas, demam, awak lemes, lan saya kuru. Yèn ora ditangani, bisa dumadi syok hipovolemik utawa sesek napas abot kang njalari pepati.
Organisasi
Liyané
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.