UEFA Euro 2012
From Wikipedia, the free encyclopedia
Kajuwaran Bal-Balan Éropa 2012 utawa luwih ditepungi mawa jeneng Euro 2012 iku didadèkaké kajawaran antara tim nasional bal-balan Éropa kang dianakaké déning UEFA kaping 14. Acara iki dianakaké ing nagara Polen lan Ukraina kawiwitan 8 Juni nganti 1 Juli 2012. Kadadéan iki sing katelu nalika piala Èropah dianakaké ing rong nagara, sadurungé wis tau dilakoni ing taun 2000 lan 2008 mawa Euro 2000 sarta Euro 2008 sing dianakaké ing Walanda lan Bèlgi sarta Ustenrik lan Switserlan. Fèstival ulah raga iki dilakoni déning 16 nagara; 2 nagara ya iku Polen lan Ukraina wis lolos kanthi otomatis. Tim-tim nasional bal-balan utawa sépak bola sing cacahé 16 iki dipérang dadi grup A, B, C, lan D.
UEFA Euro 2012 Mistrzostwa Europy w Piłce Nożnej 2012 (ing basa Polen) Чемпіонат Європи з футболу 2012 (ing basa Ukrainia)' | |
---|---|
Tournament details | |
Host countries | Polen Ukraina |
Dates | 8 Juni – 1 Juli |
Teams | 16 |
Venue(s) | 8 (ing 8 kutha minangka pamangku gati) |
Puteran final kanthi cacah paserta 16 (enam belas) nagara, minangka puteran kang paling pungkasan amarga wiwit Kajuwaraan Bal-balan Éropa UEFA 2016 lan sabanjuré, kanthi cacah paserta kang mèlu tetandhingan ya iku 24 (patlikur) nagara finalis.
Babak Kualifikasi kang kagolong minangka 51 nagara, diselenggarakake watara ing wulan Agustus 2010 lan November 2011 kang kapilih minangka 14 (pat belas) nagara kanggo gabung déning kaloro nagara kang dadi tuan omah ing ubengan final. Pamenang kajuwaraan kanthi otomatis makili UEFA kanggo mèlu ing tetandhingan Piala Konfederasi FIFA 2013 dianakake ana ing nagara Brasil. Nanging urutan kaloro (runner up)bisa mèlu ing kajuwaraan Piala Konfederasi kanthi syarat Spanyol dadi jawura sajeroning kajuwaraan, amarga Spanyol wis bisa lolos minangka pamenang tetandhingan ing Piala Donya FIFA 2010[1].