![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f5/Walker_Percy.jpg/640px-Walker_Percy.jpg&w=640&q=50)
Walker Percy
From Wikipedia, the free encyclopedia
Walker Percy (lair wonten ing kutha Birmingham, Alabama, 28 Mèi 1916.[1]-surud surya 10 Mèi 1990) punika satunggaling panyerat saking Amérikah Sarékat Kidul. Panjénenganipun anak kaping kalih saking tiga sedhèrèk.[1] Lampah gesangipun boten gampil amargi kathah pengalaman boten énak ing rikala alit.[2] Nyariosaken Walker Percy berarti uga nyariosaken lampah lan bab panjenenganipun ingkang gadhah kathah masalah ing lampah gesangipun. Kathah fakta ingkang awujud kesusahan lan kasungkawan.[1] Panjenenganipun miwiti karyanipun mawi nyerat novèl filosofis.[2] Arah kritikipun inggih punika babagan madosi urip ingkang cèthèk.[1] Pangamatanipun bab masalah urip punika jeru lan kadangkala panjenenganipun satir rikala nanggepi masalah-masalah ing kukuban. Panjenenganipun sédha amargi kanker ing tanggal 10 Mèi 1990.[1]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/f/f5/Walker_Percy.jpg/320px-Walker_Percy.jpg)
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/7/76/Flag_of_Birmingham%2C_Alabama.svg/640px-Flag_of_Birmingham%2C_Alabama.svg.png)