Wasir
From Wikipedia, the free encyclopedia
Wasir utawa ambeien kang ing Basa Inggris tinulis hemorrhoid UK /ˈhɛmərɔɪdz/, iku ateges struktur vaskuler ing njero kanal anus kang mbantu ngendhalekake bebuwang.[1][2] Struktur pembuluh darah iku bisa malih sipate dadi patologis utawa sinebut piles[3] nalika abuh utawa ngalami radang. Ing kaanan fisiologise, hemoroid iku tumindak dadi bantalan kang digawé déning kanal-kanal arteri-vena lan jaringan ikat.
Hemorrhoids | |
---|---|
Classification and external resources | |
ICD-10 | ICD-10 Chapter I|I84 |
ICD-9 | 455 |
DiseasesDB | 10036 |
MedlinePlus | 000292 |
eMedicine | med/2821 emerg/242 |
MeSH | D006484 |
Tandha-tandha wasir patologis gumantung karo jinis kang tuwuh. Tuwuhing wasir internal lumrahé dibarengi karo tuwuhing getiyen dubur kang ora krasa lara. Déné wasir eksternal, bisa nuwuhaké pirang-pirang tandha-tandha utawa yèn kena trombosis rasa kang lara banget bisa tuwuh lan ana abuh ing pérangan dubur. Wong-wong kerep kliru ngartekake tandha-tandha kang tuwuh ing pérangan anus-rektum iku mesthi minangka "wasir" lan mulane jalaran serius tandha-tandha dadi ora digatekake.[4] Pancen jalaran pesthine wasir isih durung ketemu, nanging pirang-pirang faktor kang ningkatake tekanan ing njero weteng, kususe bebelen, tinercaya duwé prabawa ing lelakoné wasir.
Pangobatan wiwitan kanggo wasir kang entheng nganti sedhengan ya iku kaya ta nambah pepangan awujud serat, ngombé banyu kanggo njaga hidrasi, obat NSAID kanggo nambani rasa lara, lan ngaso kang cukup. Pirang-pirang prosedur entheng manawa kudu dilakoni yèn tandha-tandha mundhak nemen utawa ora kalong/malih entheng sawisé ditambani lumantar tata laksana lawas. Bedah/oprasi dadi prosedur mburi kanggo panandhang kang penyakite ora malih apik sawisé ditambani mawa cara mau. Luwih saka separone manungsa, bakal ngalami masalah wasir ing sawijining wektu uripé. Lumrahé asil tundhone apik.