![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/8/8c/Wordsworth_on_Helvellyn_by_Benjamin_Robert_Haydon.jpg/640px-Wordsworth_on_Helvellyn_by_Benjamin_Robert_Haydon.jpg&w=640&q=50)
William Wordsworth
From Wikipedia, the free encyclopedia
William Wordsworth ya iku penyair saka Inggris.[1][2] Dhèwèké nulis Lyrical Ballads taun 1798, karo Samuel Taylor Coleridge, kang banjur nuwuhaké gerakan Romantik Inggris.[1]
William Wordsworth | |
---|---|
![]() | |
Lair | 7 April 1770 Cockermouth, Cumberland, Inggris |
Pati | 23 April 1850 Rydal Mount, Westmorland |
Pakaryan | Penyair |
Dhèwèké lair ana Cockermouth, Cumberland, Inggris, tanggal 7 April 1770.[1] Séda ana Rydal Mount, Westmorland, tanggal 23 April 1850.[1]
Ibuné séda nalika dhèwèké umur wolung taun, pengalaman iki ketok saka pakaryan pungkasané.[2] Wordsworth lumebu Hawkshead Grammar School, nèng kéné dhèwèké wiwitan seneng geguritan.[2] Bapaké séda nalika dhèwèké ing Hawkshead, ninggal dhèwèké lan seduluré papat.[2] Wong tuwané, loro-loroné, séda saurungé dhèwèké umur 15 taun.[3]
Dhèwèké sinau ana Cambridge University.[3] Nalika ana kana, dhèwèké ngisi wektu prèi mangsa panas lelungan menyang Switserlan lan Prancis.[3] Dhèwèké antusias karo gegayuhané Revolusi Prancis.[3]
Dhèwèké wiwitan nulis geguritan nalika isih sekolah, nanging ora ana sing diterbitaké nganti taun 1793.[3]