Wong Ainu
From Wikipedia, the free encyclopedia
Suku Ainu (アイヌ, Suku Ainu?) IPA: [ʔáinu] (diarani uga Ezo ing jerone teks-teks sajarah) ya iku sawijining kelompok ètnis pribumi ing Hokkaidō, KapuloanKuril, lan sapérangan gedhé Sakhalin. Ana punjul 150.000 wong Ainu saiki; nanging jumlahe sing pas ora dingerteni amarga akèh wong Ainu sing ora ngetoke asal-usule amarga masalah ètnis ing Jepang. Ora jarang wong Ainu sing isih urip uga ora nyadari garis keturunane, amarga wong tuwa lan mbah-mbah sira ora ndudohi kanggo ngelindungi anak-anaké teka masalah sosial.
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
(Pada taun 2004:
| |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
JepangRuslan. | |
Basa | |
basa Jepang, basa Ainu dan basa Ruslan. | |
Agama | |
animisme. | |
Golongan ètnik magepokan | |
Sejumlah genetisis memperkirakan bahwa orang Ainu memiliki ciri-ciri khas nanging paling dekat dengan populasi lain di Jepang dan di Asia Timur, dengan orang Nivkh[1]:
|
Etnonim mereka sing paling dikenal asalé saka tembung aynu, sing tegesé "manungsa" (dibedaake kaliyan kamuy, makluk ilahi) ing dhialèk Hokkaidō saka basa Ainu; Emishi, Ezo utawa Yezo (蝦夷) ya iku istilah-istilah basa Jepang, sing diyakini asalé saka wujud leluhur tembung Ainu Sakhalin modern enciw utawa enju, sing uga duwé arti "manusa". Istilah Utari (ウタリ, Utari?) (tegesé "kamerad" ing basa Ainu) kini luwih disenengi denig pira-pira anggota kelompok minoritas iki.
Suku Ainu suwé dipaksa déning pamaréntah Jepang kanggo asimiliasi karo wong Jepang (suku Yamato). Pamaréntah ngesahke undang-undang ing taun 1899 sing nyataake yèn suku Ainu ya iku "bekas pribumi" (karan "bekas" amarga suku Ainu dimaksud akan berasimilasi). Ing 6 Juni 2008 parlemen Jepang ngesahke resolusi sing ngakui yèn suku Ainu ya iku "suku pribumi sing duwé basa, kepercayaan, lan kabudayan sing berbeda" sisan mbatalake undang-undang taun 1899 mau.