From Wikipedia, the free encyclopedia
Suku Arab-Indonésia iku sing ndunungi Indonésia saka katurunan ètnis Arab lan ètnis pribumi Indonésia. Wiwiané manggon ing perkampungan Arab sing kasebar ing warna-warna kutha ing Indonésia—kaya ta ing Jakarta (Pekojan), Bogor (Empang), Surakarta (Pasar Kliwon), Surabaya (Ampel), Gresik (Gapura), Malang (Jagalan), Cirebon (Kauman), Mojokerto (Kauman), Yogyakarta (Kauman) lan Prabalingga (Dipanagara),lan Bandawasa—sarta isih akèh manèh sing kasebar ing kutha-kutha kaya déné Palembang, Banda Acèh, Sigli, Medan, Banjarmasin (Kampung Arab), Makasar, Gorontalo, Ambon, Mataram, Kupang, Papua dan bahkan di Timor Timur. Ing jaman penjajahan Walanda, suku iki dianggep bangsa Timur Asing bebarengan karo suku Tionghoa-Indonésia lan suku India-Indonésia, nanging kaya déné kaum ètnis Tionghoa lan India, ora sethithik sing berjuang mbantu kamardikan Indonésia.
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
(Luwih saka 5 juta.[1] utawa 87.227 jiwa[2]) | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Jawa, Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, lan Maluku. | |
Basa | |
Basa Arab, Basa Indonésia lan basa-basa laladan liyané. | |
Agama | |
Islam. | |
Golongan ètnik magepokan | |
Mayoritas katurunan bangsa Arab saka Yaman, minoritas saka Timur Tengah utawa Afrika Lor liyané. |
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.