From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Kurdhi ing Ruslan iku minangka pérangan penting saka dhiaspora Kurdhi, kanthi sesambungan raket karo bebrayan Kurdhi ing Kaukasus lan Asia Tengah. Sènsus Ruslan taun 2010 nyathet ana udakara 63.818 wong saka golongan ètnis Kurdhi sing dedunung ana ing Ruslan.[7]
Gunggung cacah jiwa | |
---|---|
63.818 (2010)[1] | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
Khabarovsk, Krasnodar, Kursk[2] 10.000 ing Moscow (1995)[3] | |
Basa | |
Kurmanji, Basa Ruslan, Basa Arménia, Basa Azéri, Basa Géorgia[4] | |
Agama | |
Ora ngrasuk salh siji agama,[5] Islam[6] | |
Golongan ètnik magepokan | |
Wong Iran |
Ing kawitané abad ka-19, ancas utamané saka Kakaisaran Ruslan ya iku mesthèkaké nétralitasé wong saka golongan ètnis Kurdhi ing paprangan antarané Kakaisaran Ruslan nglawan Pèrsi lan Kakaisaran Osmani.[8] Nalika kawitané abad ka-19, wong Kurdhi manggon ana ing Transkaukasia, ing jaman semana, Transkaukasia iku dadi péranganing Kakaisaran Ruslan. Ing abad ka-20, ana panumpesan wong Kurdhi gedhèn-gedhèn Kurds dening wong Turki lan wong Pèrsi, ndadèkaké akèh wong Kurdhi kang ngalih menyang Transkaukasia Ruslan. Saka taun 1804 nganti 1813 uga ing taun 1826 nganti 1828, nalika Kakaisaran Ruslan lan Kakaisaran Pèrsi perang, pamaréntah Ruslan ngéntukaké wong Kurdhi manggon ana ing Ruslan lan Arménia. Nalikané Perang Crimean, lan Perang Russo-Turki (1877–1878), wong Kurdhi uga ngalih menyang Ruslan lan Arménia. Miturut sènsus Ruslan ing taun 1897 ana udakara, 99.900 wong Kurdhi kang dedunung ana ing Kakaisaran Ruslan.[9]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.