![cover image](https://wikiwandv2-19431.kxcdn.com/_next/image?url=https://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/cf/Syria_Ethno-religious_composition..jpg/640px-Syria_Ethno-religious_composition..jpg&w=640&q=50)
Wong Kurdhi ing Suriah
From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Kurdhi ing Suriah iku ngrujuk marang wong-wong katurunan Kurdhi sing lair, utawa sing ndunungi wewengkon ing Suriah. Miturut akèh sumber, wong Kurdhi iku minangka ètnis minoritas sing gedhé dhéwé ing Suriah, kanthi gugung cacah jiwané udakara 7% lan 10% saka gunggung kabèh padunung Suriah.[1][2][3][4][5] Wong Kurdhi ing Suriah wis kerep ngadhepi dhiskriminasi lan tumindak ala déning pamaréntah.[6][7]
![Thumb image](http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/thumb/c/cf/Syria_Ethno-religious_composition..jpg/640px-Syria_Ethno-religious_composition..jpg)
"Kurdhistan Suriah" (Kurdish: Kurdistana Sûriyê) iku jeneng ora resmi sing digunakake déning sawenèh wong kanggo ngrujuk marang wewengkon lor lan lor-wétané Suriah sing didunungi déning wong Kurdhi.[8] Wewengkon pérangan lor-wétan sing didunungi déning wong Kurdhi nyrambahi pérangan Kagubernuran Hasakah. Kutha-kutha Kutha-kutha sing utama ing wilayah iki ya iku Qamishli (Qamishlo) lan Al-Hasakah. Wewengkon liyané kanthi cacahé wong Kurdhi kang cukup akèh ya iku Kobanî (resminé dikenal minangka Ayn al-Arab) ing sisih loré Suriah cedhak kutha Jarabulus lan uga kutha Afrin karo sakupengé kutha kasebut ing sadawaning tapal watesé Turki.
Akeh wong Kurdhi sing ngupadi saperlu mujudaké pulitik otonom kanggoné wewengkon Kurdhi ing Suriah, kaya sing ana ing Kurdhistan Irak, utawa hak dadi pérangan saka Kurdhistan sing swatantra. Jeneng Rojava (Kurdish: Rojavayê Kurdistanê) uga digunakaké déning sawenèh wong Kurdhi kanggo ngrujuk marang wewengkon magepokan, sing didunungi déning wong Kurdhi ing Suriah.[9][10][11][12]