Wong Rusyn
From Wikipedia, the free encyclopedia
Wong Rusyn, uga karan wong Karpatho-Rusyn utawa wong Ruténé (Rusyn: Русины Rusyny; kala-kala uga dirujuk minangka wong Karpatho-Ruslan utawa wong Rusnak), ya iku sawijininggolongan étnis diasporis kang nuturaké sawijining Basa Slavika Wétan, kang diarani basa Rusyn. Karpatho-Rusyns iku turunan saka wong Ruténia kang ora nganggo étnonim "wong Ukraina" ing kawitané abad angka 20. Panganggoné istilah wong Rusyn dilarang déning sawenèh pamaréntah, kaya kang bisa dideleng sawisé taun 1945 ing Soviet Transcarpathia, Polen kuminis, lan Cékoslowakia.[12]
This Artikel iki kaca lola, amarga ora ana artikel liya sing nggayut kaca iki. Mangga wènèhi pranala nyang kaca iki lumantar artikel-artikel magepokan. (Oktober 2016) |
Gendéra Karpathia Ruténia Lambang nagara Karpathia Ruténia | |
Tlatah mawa cacah jiwa akèh | |
---|---|
Slowak | 33.482[1] |
Sèrbi | 14.246[2] |
Ukraina | 10.183[3] |
Amérika Sarékat | 8.934[note 1][4] |
Honggari | 3.882[5] |
Kroasia | 2.879[6] |
Cèsko | 1.109[7] |
Polen | 638[note 2][8] |
Rumeni | at least 200 [note 3][9][10][11] |
Basa | |
Basa Rusyn · Basa Ukraina · Basa Slowak · Basa Ruslan | |
Agama | |
Katulik Yunani, Ortodoks Wétan | |
Golongan ètnik magepokan | |
wong Ukraina · wong Slowak · wong Boyko wong Hutsul · wong Lémko |
Ing dina iki, Slowakia, Polen, Honggari, Républik Céko, Sèrbi lan Kroasia kanthi resmi nganggep wong Rusyn (utawa wong Ruténé) minangka étnis minoritas.[13] Ing taun 2007, wong Karpatho-Rusyn dianggep étnis kang kapisah ing Ukraina déning Majelis Zakarpattia Enggon-enggonan, lan ing taun 2012 basa Rusyn nggayuh status enggon-enggonan resmi ing sawenèh wewengkoning provinsi. Pérangan gedhé wong kang ngaku ètnik Rusyn saiki dumunung sajabaning Ukraina.
Saka jumlah kang diwetara ya iku ana 1,2 yuta wong[12] kang asli wong Rusyn, amung ana 98.900 kang uwis nganggep dhiriné wong Rusyn ing bab pulitik utawa étnisitas ,[butuh sitiran] dhedhasar sènsus-sènsus ing wektu iki, pamaréntah Ukraina nulak nglebokaké Rusyn minangka sawijining jatidhiri ètnik ing blangko sènsus krana sawenèh alesan.[14] Sanajan ta, panggolonganing étnis Rusyn minangka étnis Slav Wétan kang kapisah lan béda saka wong Ruslan, wong Ukraina, utawa wong Bélarus utawa wong Polen ing Slavika Kulon[15] iku dianggep kontrovèrsial.[16][17][18] Mayoritas sujana Ukraina nganggep wong Rusyn minangka subgolongan étnis saka wong Ukraina (kaya étnis Ukraina kang dianggep péranganing bangsa Ruslan déning sawenèh sujana).[19][20] Bab iki dibantah déning sawenèh sujana Lémko [21] lan mayoritasé sujana Céko, Slowak, Kanadha, lan Amérikah. Miturut sènsus Ukraina ing taun 2001 saperteloning wong Rusyn ing Ukraina nyaturaké basa Ukraina, déné kang liyané panggah nyaturaké basa asliné.[22]
Istilah "wong Rusyn," "wong Ruténé," "wong Rusniak," "wong Lémak," "wong Lyshak" lan "wong Lémko" dianggep déning sawenèh sujana minangka istilah kang historis, lokal lan sinonimus kanggo wong Karpathia Ukraina; kang liyané nganggep istilah "wong Lémko" lan "wong Rusnak" amung minangka warna istilah enggon-enggonan saka "wong Rusyn" utawa "wong Ruténé."[12]