From Wikipedia, the free encyclopedia
Suku temu-temuan utawa Zingiberaceae iku salah siji suku anggota tetuwuhan ngembang. Miturut sistem klasifikasi APG II suku iki kalebu sajeroning bangsa Zingiberales, klad commelinids (core monocots).
Zingiberaceae | |
---|---|
Kecombrang (Etlingera elatior) | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Klad: | Tracheophyta |
Klad: | Angiospermae |
Klad: | Monokotil |
Klad: | Commelinids |
Ordho: | Zingiberales |
Famili: | Zingiberaceae |
Type genus | |
Zingiber Boehm. |
Zingiberaceae wujud familia gedhé dhéwé saka ordho Zingiberales, kanthi prakiran 50 génus lan punjul 1000 spésies. Zingiberaceae asring diarani temu-temuan ing Indonésia lan tuwuhan jinis iki akèh tinemu ing laladan tropis, mligi ing kawasan Asia Kidul-wétan.
Temu-temuan dibédakaké dhedhasar anané labellum, kang kawangun akibat fusi 2 benang sari kang steril, lan anané lenga esensial ing njero jaringané. Temu-temuan biyasa kanggo tuwuhan hias, bumbu masakan, lan obat tradhisional.[1]. Masarakat Cina jaman biyèn migunakaké rimpang saka temu-temuan iki minangka obat gangguan pancernan, hepatitis, lara kuning, diabetes, arterosklerosis, lan infèksi bakteri.[2]
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Every time you click a link to Wikipedia, Wiktionary or Wikiquote in your browser's search results, it will show the modern Wikiwand interface.
Wikiwand extension is a five stars, simple, with minimum permission required to keep your browsing private, safe and transparent.