ATR 72

From Wikipedia, the free encyclopedia

ATR 72
Remove ads

ATR 72 ya iku montor mabur penumpang régional jarak cendhak kanthi mesin twin-turboprop kang dibangun déning perusahaan montor mabur Prancis-Italia ATR. Montor mabur iki duwé kapasitas nganti 78 penumpang sajeroning konfigurasi kelas tunggal lan dioperasèkaké déning kru juru anggegana kang cacahé loro.

Sunyata Rikat
Remove ads

Pangembangan

Thumb
Bangkok Airways ATR 72-500 ing Papan Anggegana Luang Prabang, Laos
Thumb
ATR 72 duwèkané Aer Arann saka Irlandia lepas landhas

ATR 72 dikembangaké saka ATR 42 sajeroning upaya kanggo ngundhakaké kapasitas penumpang (saka 48 dadi 78) kanthi ndawakaké lambung montor mabur nganti 4.5 m (14 ft 9 in), ngundhakaké dawa swiwi, mènèhi mesin kang luwih gedhé tenagané, lan ngundhakaké kapasitas bahan bakar nganti 10 persèn. ATR 72 diluncuraké taun 1986,[2] lan nindakaké pamaburan pisanané nalika tanggal 27 Oktober 1988. Pas setaun sawisé iku, ya iku tanggal 27 Oktober 1989, Finnair dadi maskapé pisanan kang migunakaké montor mabur mau sajeroning pamaburan.[3]

Kira-kira 408 ATR 72 wis dikirim menyang sekabèhané donya kanthi gunggung pesenan nganti 28 montor mabur luwih.

Remove ads

Dhesain

Penumpang ngleboni montor mabur migunakaké lawang mburi (kang langka banget digunakaké sajeroning montor mabur penumpang) wondéné lawang ngarep minangka nglebokaké kargo. Finnair mesen ATR 72 kanggo dhèwèké kanthi lawang penumpang ngarep nganti dhèwèké bisa migunakaké garbarata jèt ing Papan Anggegana Helsinki-Vantaa.[4]

Ganjelan buntut kudu dipasang nalika penumpang metu utawa lumebu montor mabur sajeroning kasus yèn irung montor mabur kaangkat, kang kerep kadadéan kargo lan penumpang metu lan lumebu kanthi prosedhur kang salah.

Montor mabur ATR ora duwé Auxiliary Power Unit (APU) kaya déné lumrahé montor mabur liya, APU mung wujud pilihan tambahan lan bakal disèlèhaké ing pérangan kargo C4. Sapérangan gedhé montor mabur dijangkepi kanthi rèm baling-baling (lumrahé diarani "Hotèl Mode") kang ngendhegaké baling-baling ing mesin #2 (tengen), mungkinaké mesin kanggo urip lan nyepakaké udara lan tenaga kanggo montor mabur tanpa muter baling-baling. Rèm baling-baling mau wujud panggunan kang ora wigati, lan akèh maskapé ngeculaké rèm mau, lan akiré perusahaan ngilangaké saka montor mabur sakpenuhé. Iki ngilangaké kabutuhan abot tambahan lan pametu kanggo perawatan APU lan rèm baling-baling.[5]

Remove ads

Varian

Thumb
Kingfisher Airlines ATR 72-500
Thumb
Arkia ATR 72-500 parkir ing Papan Anggegana Eilat, Israèl
Barkas:Atr 72-500 wings.jpg
Wings Air ATR 72-500 parkir ing Papan Anggegana Internasional Sultan Hasanuddin, Makassar
Thumb
Aurigny Air Services ATR 72-200 ndharat ing Papan Anggegana Bristol, Inggris
Thumb
Vietnam Air Service Company ATR 72-200 ing Papan Anggegana Co Ong, Con Dao, Vietnam

ATR 72-100

Loro sub-tipe dipasaraké minangka sèri 100 (-100)

ATR 72-101
Varian prodhuksi awal ditenagani 2 mesin PW124B lan disèrtifikasi sasi September 1989.
ATR 72-102
Varian kang ditenagani PW124B disèrtifikasi sasi Dhésèmber 1989

ATR 72-200

Loro sub-tipe dipasaraké minangka sèri 200 (-200). Vèrsi-200 iku vèrsi prodhuksi awal, ditenagani kanthi mesin Pratt & Whitney Canada PW124B kanthi tenaga 2400 dk.[6]

ATR 72-201
Varian-101 kanthi MTOW luwih gedhé, varian kanthi mesin PW124B disèrtifikasi sasi September 1989.
ATR 72-202
Varian-102 kanthi MTOW luwih gedhé, varian kanthi mesin PW124B disèrtifikasi sasi Dhésèmber 1989.

ATR 72-210

Loro sub-tipe dipasaraké minangka sèri 210 (-210), vèrsi-211, (lan kang kanthi lawang kargo luwih gadhé, karan vèrsi-212), ya iku vèrsi-200 kanthi mesin PW127 kang ngasilaké tenaga 2750 dk kang kabèh dikembangaké kanggo kaanan panas lan kadhuwuran luwih. Dibédakaké andhedhasar jinis lawang utama lan lawang dharurat.

ATR 72-211
Ditenagani PW127 disèrtifikasi sasi Dhésèmber 1992
ATR 72-212
Ditenagani PW127 disèrtifikasi sasi Dhésèmber 1992

Operator

Thumb
ATR 72 Air Dolomiti.

Nalika 25 November 2009:

  • Aer Arann (6) (2 ATR72-201, 4 ATR72-500)
  • Aer Lingus Regional (4)
  • Aerocaribbean (5)
  • Air Algérie (10)
  • Air Austral (3)
  • Air Bagan (3)
  • Air Botswana (2)
  • Air Calédonie (2)
  • Air Caraïbes (3)
  • Air Contractors (12)
  • Air Dolomiti (10)
  • Air Madagascar (2)
  • Air Mandalay (1)
  • Air Mauritius (2)
  • Air New Zealand (11)
    • Mount Cook Airline anak perusahaan saka Air New Zealand (11)
  • Air Nostrum (5)
  • Air Tahiti (7)
  • Air Vanuatu (1)
  • Airlinair (8)
  • Alitalia Express (10 kabèh disimpen)
  • American Eagle (39)
  • Arkia Israèl Airlines (5)
  • Aurigny Air Services (3)
  • Avanti Air (1)
  • AZAL Azerbaijan Airlines (4)
  • Bangkok Airways (8)
  • Belle Air (1)
  • Buddha Air Nepal (3)
  • Berjaya Air (4)
  • B&H Airlines (2)
  • Binter Canarias (8)
  • BoraJet Turkey (4 ATR 72-500)
  • Calm Air (1)
  • Cambodia Angkor Air (2 ATR72-500-disilih saka Vietnam Airlines)
  • Cape Air (2, ing Guam kanggo CO-Ex)
  • CCM Airlines (6)
  • Cebu Pacific (8)
  • Ceiba Intercontinental (2)
  • China Southern Airlines (5)
  • Cimber Sterling (4)
  • Contact Air (3)
  • Conviasa (7)
  • China Southern Airlines (4)
  • Czech Airlines (4) (4 ATR72-202)
  • DanubeWings (3)
  • DAT Danish Air Transport (2)
  • Empire Airlines (3)
  • EuroLOT (8)
  • Executive Airlines / American Eagle (39)
  • Farnair Switzerland (10)
  • FedEx Express (13)
  • Finncomm Airlines (8) (4 pesenan)
  • Firefly (7)
  • Halcyonair (2)
  • Iran Aseman Airlines (5)
  • Islas Airways (5)
  • Jat Airways (5)
  • Jet Airways (14)
  • Kingfisher Airlines (18)
  • Kingfisher Red (9)
  • Lao Airlines (4)
  • MASWings (10)
  • Merpati Nusantara Airlines (1)
  • Mountain Air Cargo (5) (Dioprasikaké kanggo FedEx Express)
  • Myanma Airways (3)
  • Naysa Aerotaxis (10) (Dioprasikaké kanggo Binter Canarias)
  • Precision Air (5)
  • Royal Air Maroc Express (4)
  • Royal Thai Air Force (4)
  • Sevenair (3)
  • Swiftair (13)
  • Syrian Air (2)
  • TACV Cabo Verde Airlines (2)
  • Tarom (2)
  • Thai Airways International (2)
  • TransAsia Airways (9)
  • Trigana Air Service (3)
  • TRIP Linhas Aéreas (14)
  • UTair-Express (3)
  • VASCO (2 ATR72-500-Disilih saka Vietnam Airlines)
  • Vietnam Airlines (14 ATR72-500)
  • Wings Air Indonésia-Group of Lion Air Indonésia

Pesenan gedhé dhéwé kaya ta:

  • Cebu Pacific (2, kanthi 8 pilihan)
  • Iberia Airlines (10)
    • Iberia Regional (10 pesenan pesthi kanggo ATR 72-600)
  • Royal Air Maroc (8)
    • Royal Air Maroc Express (8 pesenan pesthi kanggo 6 ATR 72-600 & 2 ATR 42-600)
  • Hansung Airlines (20)
  • Jet Airways (10)
  • Kingfisher Airlines (31)
    • Kingfisher Red (27)
  • Lion Air
  • Malaysia Airlines (20,kanthi 13 pilihan)
    • Firefly-(10 pesenan pesthi lan 10 pilihan)
    • MASwings-(10 pesenan pesthi 3 pilihan)
  • Vietnam Airlines (3)
  • Pantanal Linhas Aéreas (2)
Remove ads

Spésifikasi

Katerangan liyané Kategori, -500 ...

[8][9]

Remove ads

Cathetan sikil

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads