Abdullah saking Arab Saudi

From Wikipedia, the free encyclopedia

Abdullah saking Arab Saudi
Remove ads

Abdullah bin Abdul Aziz al-Saud (Arab: عبد الله بن عبد العزيز آل سعود, lair 1 Agustus 1924  pati 22 Januari 2015 ing umur 90 taun)[2] inggih punika Raja Arab Saudi kaping enem.[3] Sasampunipun dipundaulat minangka Pangèran Abdullah, panjenenganipun dipundadosaken Raja Arab Saudi tanggal 1 Agustus 2005 sawatawis wekdal sasampunipun Raja Fahd tilar donya.[3] Panjenenganipun sampun dados panguwasa de facto lan dipunmungkinaken dados Raja Arab Saudi wiwit taun 1995 nalika Raja Fahd gerah amargi stroke.[3] Pungkasanipun, nalika tanggal 3 Agustus 2005, panjenenganipun pikantuk gelar Raja sasampunipun Raja Fahd tilar donya, ingkang taksih sadherekipun.[3] Panjenenganipun maringi amanah dhumateng salah satunggalipun putranipun, Pangeran Mutaib minangka wakil komado Dewan Garda Nasional Saudi (Saudi National Guard).[3]

Sunyata Rikat Ingkang Sinuwun Raja Abdullah الملك عبد الله ...
Remove ads

Gesangipun

Panjenenganipun punika salah satunggalipun putra Raja Abdulaziz bin Abdulrahman Al-Saud (pangarsanipun pendiri Arab Saudi modern) ingkang cacahipun 37 putra.[3] Panjenenganipun miyos saking rahim Fahada binti Asi-al Syuraim, garwa kaping wolu Abdul Aziz saking kulawarga Rasyid.[3] Panjenenganipun pikantuk pendidikan ing Sekolah Karajan Princes School saking punggawa-punggawa lan tokoh-tokoh intelektual agami lan ageng ing pangawasan ketat Raja Abdul Aziz, ramanipun.[3] Pangeran Abdullah misuwur kiyang nggebeng (memegang) agami lan gadhah tanggung jawab ingkang ageng tumrap rakyat lan nagari Arab Saudi.[3] Panjenenganipun langsung pikantuk pendhidhikan saking ulama senior Arab Saudi ing babagan agami, sajarah, pulitik, lan sosiologi.[3]

Remove ads

Cathetan suku

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads