Ade Namnung
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Syamsul Effendi utawi misuwur kanthi paraban Ade Namnung (lair ing Jakarta, Indonésia, 10 April 1977 – pati ing Dhépok, Indonésia, 31 Januari 2012 ing umur 34 taun)[1] inggih punika pelawak lan presenter Indonesia.[1] Ade Namnung misuwur minangka salah satunggalipun pangisi acara Tawa Sutra ing stasiun televisi swasta antv, sareng kaliyan Steny Agustaf, Ruben Onsu, lan Fanny Fadillah.[1] Sanèsipun punika, Ade ugi asring dados panatacara / MC ing manéka warni acara.[1]
Nalika wekdal gesangipun, Ade sampun nglaksanakaken ngibadah umroh ngantos ping kalih.[2] Umroh ingkang dipunlaksanakaken ing warsa 2011 punika dados ngibadah umroh ingkang kaping kalihipun, sasampunipun warsa 2005.[2] Panjenenganipun kaserang stroke lan semaput ing Papan Anggegana Juanda sasampunipun ngisi acara ing Surabaya ing sasi Dhésèmber 2011.[2] Kondhisinipun naté saras malih sasampunipun pikantuk perawatan medhis.[2] Nanging pungkasanipun Ade Namnung tilar donya tabuh 11.45 WNIK (Wekdal Nuswantara iring Kilen), 31 Januari 2012 ing Griya Sakit Mitra Cibubur, Jakarta Wétan.[2]
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads