Aldebaran Robotics

From Wikipedia, the free encyclopedia

Aldebaran Robotics
Remove ads

Aldebaran Robotics ya iku sawijining perusahaan robotika saka Prancis. Perusahaan iki ngembangaké akèh modèl robot, kalebu uga Nao lan Romeo robot humanoid sing otonom lan bisa diprogram, kanggo risèt, panalitèn, èdukasi ing pawiyatan luhur utawa laboratorium.

Sunyata Rikat Type, Industry ...

Aldebaran Robotics saiki dianggep para pengamat dados pemimpin dunya ing indhustri robotika, ya iku robotika babagan humanoid[1] khususé babagan profésional. Aldebaran kerjasama kaliyan 480 pawiyatan luhur lan sekolah ing dunya kanggo aplikatif pendidikan lan risèt.[2] · [3].

Remove ads

Sajarah

Aldebaran Robotics digawé ing Paris kalebu ning proyèk Cap Digital ing wulan juli 2005, sing ngedeki ya iku Bruno Maisonnier. Aldebaran iki perusahaan ingkang kaping pisan sing gawé robot humanoid (Nao lan Romeo). Awit saka 2008, wiwit telung taun riset, akhire Nao robot dirilis ing masarakat, bisa kanggo riset lan akadhemisi.

Ing wulan juli 2011, Pendapatan Aldebaran mundhak dadi 1 yuta euro kanggo ngembangke aplikasi mau, lan uga tuku Karotz Oktober Mindscape[1]. Kajaba pendapatan lan pengeluaran mundhak tajam, nanging perusahaan iki isih tetep bisa seimbang ing neraca perusahaan.

Ing 2012, Aldebaran Robotics Lumebu mangsa anyar amaerga gawé robot Nao kanggo masyarat umum, médhia lan uga ngetokaké prototype robot anyar kapindho, ya iku Romeo, romeo iku robot kanggo kadhokteran, medis lan pendamping kaya ta Nao. Awit saka jangkepi bencana kaya ning fukushima ing 2011, Aldebaran Robotics wiwit gawé robot pancegahan lan pemulihan bencana ing indhustri gedhi.[4]

Ing Juli 2012, Aldebaran Robotics ngumumake yèn akuisisi perusahaan Gostai Prancis, robot telepresence kanggo désainer lan piranti kacerdasan gawéan.

Remove ads

Proyek

Nao

Thumb
Nao humanoid robot

Nao iku robot sing dhuwure nirwa 58 cm sing dianggo kanggé pendidikan, riset lan hiburan. Nao dipitadohke saka Federasi Kontes Robot Sepak Bola Internasional RoboCup 2008 salajengipun robot asu Aibo saka Sony.[5]

8 Juli 2010, 1.000 robot wis digawé kaliyan Aldebaran Robotics[6]. Ing tahung sing padha, Nao ngetokaké developer anyar kanggo software Nao, iki titik bangkit riset robot prancis ning Shanghai World Expo, yèn Nao iku robot sing luwih apik ing publik.

Awit mangsa panas 2009, robot Nao dites ning omah kanggo ditokake ing indhustri omahan. Aldebaran Robotics mbuka Nao kanggo individual ing taun 2010. Ing taun 2011, aldebaran robotics ngetokaké nao kanggo komersil utawa omahan[7].

Ing 10 juli 2010, versi Nao paling anyar digawé 3 jinis kanggo akademik, ya iku:

  • Kapisan ya iku versi ragangan lan sirah Nao.
  • Versi kapindho wis ana awak lan tangan robot.
  • versi kaping telu iki versi sampurna, ya iku versi robot kumplit, wis autonomous (nduwé kacerdasan gawéan) lan wujud kaya humanoid robot.

15 desember 2010, Aldebaran ngetokaké pengumuman yèn arep ngembangke Nao[8], program iku dianakake kanggo 200 pangembang Nao.

Mèi 2011, Aldebaran Robotics ngumumake yèn wis ana source kodhe kanggo pemrograman Nao. Source kodhe iku dianggo déning akèh perusahaan, indhustri lan pawiyatan luhur kanggo riset lan manufaktur ing dunya robotika humanoid cilik lan hiburan[9].

Remove ads

Cathethan sikil

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads