Alice Munro
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Alice Ann Munro (jeneng lair Laidlaw, lair ing Ontario, Kanada, 10 Juli 1931 – pati 13 Mèi 2024 ing umur 92 taun) ya iku sawijining penulis asal Kanada kang nampa Penghargaan Nobel Sastra ing taun 2013.[1][2] Saliyané iku, dhèwèké uga nampa penghargaan Man Booker International Prize ing taun 2009 lan minangka pemenang kaping telu Penghargaan Gubernur Jenderal Kanada kanggo kategori karya fiksi.[3] Munro dikenal minangka penulis kang mènèhi prabawa marang karya sastra, kususe carkak, ora mung ana ing Kanada, nanging uga ing jagading internasional.[4]
Remove ads
Biografi
Alice Munro lair ing Wingham, sawijining kutha ing Provinsi Ontario, Kanada, ing 10 Juli 1931.[1] Ibune minangka guru lan bapake tukang angon serigala.[1] Munro wiwit sinau jurnalistik lan basa Inggris ing University of Western Ontario.[1] Bebarengan karo bojone, dhèwèké manggon ing Victoria, British Columbia, lan bukak toko buku.[1] Munro wiwit nulis carita rumaja, lan nerbitake karya buku sepisanane ing taun 1968, Dance of the Happy Shades, kang akèh digatekaken ing Kanada.[1] Dhèwèké wiwit mublikasi tulisané ing manéka majalah wiiwt taun 1950-an.[1] Ing taun 1971, dhèwèké nerbitake kumpulan carita kanthi irah-irahan Lives of Girls and Women, kang déning para kritikus wis digambarake minangka Bildungsroman.[1]
Ing taun 2013, Munro éntuk Penghargaan Nobel Sastra.[1] Penghargaan kanggo Munro kagolong unik amarga lagi sepisanan sawijining penulis carkak menang penghargaan iki.[5] Ing carkak-cerpene, penulis asal Kanada, Alice Munro nyritakake kuranging manungsa.[5] Munro dadi penulis wadon kaping 13 kang menang bebungah Nobel Sastra kang wiwit ditindakake ing taun 1901.[5]
Remove ads
Penghargaan
Bibliografi
Buku sajeroning basa Inggris
- Dance of the Happy Shades and Other Stories, 1968[1]
- Lives of Girls and Women, 1971[1]
- Something I've Been Meaning to Tell You, 1974[1]
- Who Do You Think You Are?: Stories, 1978[1]
- The Moons of Jupiter: Stories, 1982[1]
- The Progress of Love, 1986[1]
- Friend of My Youth: Stories, 1990[1]
- Open Secrets: Stories, 1994[1]
- The Love of a Good Woman: Stories, 1998[1]
- Queenie: a Story, 1999[1]
- Hateship, Friendship, Courtship, Loveship, Marriage, 2001[1]
- Runaway, 2004[1]
- The View from Castle Rock, 2006[1]
- Away from Her, 2007[1]
- Too Much Happiness, 2009[1]
- Dear Life, 2012[1]
Cerita cekak
Réferènsi
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads