Alpha Centauri
Sistem lintang cedhak déwé saka Srengéngé From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Alpha Centauri (α Cen / α Centauri); (ditepungi uga minangka Rigil Kentaurus, Rigil Kent, utawa Toliman) ya iku lintang ingkang padhang piyambak ing rasi Centaurus. Sanadyan kétok kaya saktitik dideleng nganggo mata, lintang iki sajatiné wujud sistem telung lintang.
Alpha Centauri ya iku sistem lintang paling cedhak saka pranata surya, kanthi let 4,2 tekan 4,4 taun cahya. Amarga iku, akèh carita fiksi èlmiah mbayangaké salah sijining dina manungsa arep lunga menyang kana.
Remove ads
Tetingalan
Kanthi magnitudo gabungan-0,27,[2] Alpha Centauri kétok minangka lintang tunggal ing langit nalika bengi manawa dideleng nganggo mata tanpa bantuan piranti, paling cemlorot katelu, kalah padhang saka Sirius lan Canopus.
Kanthi déklinasi-60°50', Alpha Centauri bisa dideleng déning sapérangan gedhé wong sing mapan ing wilahan bumi kidul. Kanggo sing mapan ing lintang sing luwih dhuwur saka 29°10’ kidul, Alpha Centauri bakalé dadi lintang sirkumpolar. Tetingalan paling apik ya iku nalika akir sasi April utawa awal Mèi, nalika iku Alpha Centauri mapan ing sekitaré meridian ing tengah wengi. Bareng karo Beta Centauri, Alpha Centauri dadi ’’pointer ing arah Crux’’. Kanthi pointer iki sing bisa mbédakaké saka crux palsu.
Remove ads
Piranti
"Alpha Centauri" ("Rigil Kentaurus") ya iku jeneng sing diwènèhi kanggo objèk ingkang padhang piyambak ing Rasi Centaurus sing kétok minangka saklintang nganggo mata lan tanpa piranti. Kanthi bantuan teleskop, objèk mau bisa didhetèksi minangka salah sijining sistem lintang gandha, karan "Alpha Centauri AB", lan kerep disingkat minangka "α Centauri AB" utawa "α Cen AB", kanthi piranti utama (sing ingkang padhang piyambak) karan "Alpha Centauri A (α Cen A)" lan piranti kaloro mau "Alpha Centauri B (α Cen B)".
Ana piranti katelu kanthi let pisah 2,18° saka sistem AB, mau "Proxima Centauri", utawa "Proxima", utawa "α Cen C". Let pisah mau luwih gedhé saka let pisah piranti A karo B saéngga manawa Proxima Centauri padhangé cukup lan bisa dideleng nganggo mata, kétok minangka lintang sing pisah saka sistem α Cen AB. Alpha Centauri AB lan Proxima Centauri mbentuk sistem lintang gandha, sing diasumsèkaké kaasosiasi kanthi gravitasional nganggo sistem α Cen AB. Bukti langsung manawa Proxima duwé orbit èlips tipikal lintang gandha, durung ditémokaké.[3]
Remove ads
Ètimologi
Lintang iki duwé jeneng tradhisional Rigil Kentaurus (sok-sok disingkat dadi Rigil Kent utawa karan uga Rigjl Kentaurus utawa Riguel Kentaurus ing basa Portugis), asalé saka basa Arab Rijl Qantūris utawa Rijl al-Qantūris, sing artiné "sikil centaurus,". Jeneng alternatifé ya iku Toliman sing mungkin asalé saka basa Arab al-Zulmān ("manuk unta"). Saksuwéné abad 19, Elijah H. Burritt kerep nyebut lintang iki Bungula, mungkin asalé saka gabungan antarané "β" lan ing basa Latin ungula ("kuku"). Jeneng liyané ya iku:
Saliyané rasi Centaurus, lintang iki uga minangka anggota saka pirang-pirang rasi utawa asterisma ing ngisor iki:
Uga delengen
- Sid Meier's Alpha Centauri
Réferènsi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads