Angkot
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Angkot utawa Angkutan kota ya iku tetumpakan (alat transportasi) penumpang nganggo mobil minibus sing duwé rute saubenging kutha. Beda karo bis sing liwat nang pinggiran kutha lan dalan gedhe, angkot duwé rute liwat nang njero kutha lan dalan-dalan cilik nang tengah kutha.

Kendaraan feeder saperangan gedhe asale saka angkot eksisting kang dimodifikasi ben jumbuh standar. saben armada wajib dijangkepi piranti APAR, kothak P3K, lan pemecah kaca darurat. Sopir diwajibake nganggo seragam resmi, njaga karesikan kendaraan, lan nutup lawang ing nalika ing peralanan.[1]
Ciri khas angkot;
- Rute tetep: angkot duwé rute sing wis ditemtokake, sanajan jadwale ora mesthi tetep.
- Luwes: Penumpang bisa munggah utawa medhun ing sembarang panggonan ing rute, ora kudu ing halte sing wis ditemtokake.[2]
- Murah: Tarifé biasané luwih murah tinimbang moda transportasi liyané.
Remove ads
Delengen ugā
Réferènsi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads
