Apem

Kuwe sing digawe saka tepung beras lan banyu kelopo From Wikipedia, the free encyclopedia

Apem
Remove ads

Apem ya iku panganan kang digawé saka glepung beras lan santen. Ing jaman biyèn, apem mung ana ing adicara-adicara tartamtu lan mung ana siji rasa, ya iku mung rasa legi saka gula. Jaman dhisik, apem mung ana ing adicara kendhuri, wujudé conthong lan ésih dibuntel godhong. Adate masarakat Jawa apem dicethak nganggo conthongan godhong nangka. Nanging, saiki apem wis ana ing ngendi-endi lan wis akèh jinisé, ana sing rasa coklat, lan manéka rasa woh-wohan. Apem akèh kang didol ing toko panganan, pasar, utawa pusat olèh-olèh.

Aksara Latin
     
ڤِڮون
   
Sunyata Rikat Panggonan asal, Tlatah utawa praja ...
Thumb
Apem kang wujudé conthong.
Thumb
Apem.
Remove ads

Filosofi Apem

Akeh sumber kang maneka njentrahe asale kuwih siji iki. Nanging kang lumrah dipitayani ing masyarakat yaiku apem kang asale saka basa Arab, kapethik saka tembung afwan utawa afuwwun kang ateges apura.[1] Pramila apem iki dadi sarana jejaluk pangapura marang sapadha manungsa utawa uga marang Gusti kang digawe lan diandumake nalika ana acara tartamtu.

Ing sadrunge wulan Ramlan (Pasa) lan Sawal kanggo mapag wulan-wulan iki ing saperangan papan para warga padha nggawe utawa andum apem marang tangga teparo lan sadhereke.[2]

Remove ads

Cara gawé apem

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads