Argyrosaurus
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Argyrosaurus (pocapan jroning basa Inggris /ˌɑrdʒɪrɵˈsɔrəs/ AR-ji-ro-SAWR-əs) ya iku salah siji jinis dinosaurus hèrbivor titanosaurid saing naté urip kira-kira 90 yuta taun kapungkur, sasuwéné périodhe jaman Kreta pungkasan ing tlatah Amérika Kidul sing saiki karan kanthi jeneng nagara Argentina lan Uruguay.Argyrosaurus iku kalebu dinosaurus sing dianggep dinosaurus kang duwé ukuran gedhé, dawané watara 20-30 mèter lan lan boboté kira-kira padha utawa luwih abot saka 80 ton. Kéwan iki uga kalebu hèrbivor utawa dinosaurus sing panganané tuwuhan ijo.
Jinis spésies,Argyrosaurus superbus iku disebutaké sepisanan déning Richard Lydekker marang masarakat umum nalika taun 1893.[1] Jeneng iki dijupuk saka basa Yunani argyros "pérak " lan sauros "kadhal" sing tegesé "kadal pérak ". Iki sebabé uga amarga fosile kéwan iki tinemu ing Argentina sing tegesé "lemah pérak ". Kéwan iki kanthi cara umum didhasarake saka fosil sikil ngarep é sing gedhé, holotipe MLP 77-V-29-1. Material liyané kaya ta èlemèn-èlemèn sikil ngarep liyané, balung pundhak, pubis,femora, balung mburi lan balung buntut uga wis ditambahaké kanggo nggambaraké saka panemuan sing anyar.[2]
Remove ads
Rujukan
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads