Ascomycota
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Ascomycota iku salah siji divisi saka jamur (fungi). Ciri-ciriné Ascomycota iku duwé talus kang asalé saka misélium kang ana sekaté.[2] Ascomycota ana kang uripé dadi saproba lan ana kang uripé dadi parasit kang gawé penyakit mara tuwuhan.[2] Cara réprodhuksiné séksual yaiku gawé askospora ing jeroné askus.[2] Cara réprodhuksi kang aséksual iku nganggo spora konidium kang dikasilake ing pucuk konidiofor.[2] Lumrahé askus digawé ing askokarp utawa askoma.[2] Rupané askus iku béda-béda yaiku:
- askus kang ora duwé askokarp[2]
- apotesium kang askokarpé rupané kaya mangkok[2]
- kleistotesium kang askokarpé rupané kaya bal lan ora duwé ostiulum[2]
- peritesium yaiku askus kang askokarpé rupané kaya botol kang duwé gulu lan duwé ostiulum[2]
Amarga jinis askus iku ana akèh, Ascomycota dibagi dadi telung kelas yaiku:
- Hemiascomycetes, jamur jinis iki ora duwé askorkap lan ora duwé hifa.[2]
- Plectomycees, jamur jinis iki duwé askus kang jinisé kleistotesium.[3] Kelompok jamur iki urip dadi saproba, parasit, lan hiperparasit.[3]
- Pyrenomycetes, jamur iki ciriné yaiku duwé askoma kang rupané mirunggan kang dipirantèni ostiolum(bolongan kanggo ngetokaké askus lan askuspora).[4] Contoné Pyrenomycetes iku Neurospora sitophila kang racaké dinggo kanggo gawé oncom abang saka apas tahu utawa bungkil kacang brol.[4]
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads