Atsuto Uchida
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Atsuto Uchida (内田 篤人 Uchida Atsuto?, lair 27 Maret 1988) yaiku mantan pemain bal-balan profesional Jepang sing main ing posisi bek kanan.
Uchida miwiti karir ing Kashima Antlers, debut ing taun 2006 nalika yuswa 17 taun. Sawise patang taun lan dadi juara Liga J1 ping telu, Uchida pindhah menyang Jerman pindhah menyang Schalke 04 ing taun 2010 kanthi rega € 1,3 yuta. Karo Schalke, Uchida menang DFB-Pokal taun 2010-11, lan jenenge ana ing tim Bundesliga team of the season kaping pindho ing antarane 2012 lan 2014. Uchida banjur main ing 2. Bundesliga karo Union Berlin sadurunge bali menyang Jepang karo klub pertamane yaiku Kashima Antlers, ing kana dhèwèké pensiun ing taun 2020 nalika yuswa 32 taun.
Uchida tampil kaping pisanan kanggo tim bal-balan nasional Jepang ing Januari 2008, lan saterusé nggawé 74 penampilan kanggo negarane, sing main ing Piala Asia AFC 2011, Piala Konfederasi FIFA 2013 lan Piala Dunia FIFA 2014, dhèwèké uga ngegulke rong gul.
Remove ads
Karir klub
Kashima Antlers
Lair ing Kannami, Shizuoka, Jepang, Uchida dididik lan main bal-balan ing Sekolah Menengah Tinggi Shimizu Higashi.[3][4] Sajrone dhèwèké ana ing kana, dhèwèké utamane main ing posisi swiwi, amarga saka kecepatane. Nganti nalika direktur sekolah Kazuo Umeda ganti posisi Uchida menyang posisi bek tengen, sing dimainake dhèwèké saiki.[5] Ing taun 2006, Uchida pindhah menyang Kashima Antlers.[3]
Ing tanggal 5 Maret 2006, Uchida miwiti karir profesional nalika debut ing Kashima nalika yuswa 17 taun nalika pertandingan pambuka musim nglawan Sanfrecce Hiroshima.[3][6][7] Gul pertamane nalika dadi pemain bal-balan profesional yaiku ing tanggal 21 Maret 2006 nglawan Ventforet Kofu.[3] Wiwit saka debute, Uchida dadi pemain sing biasa dimainke kanggo tim, main ing posisi bek kanan.[8] Ing pungkasan musim 2006, dhèwèké main kaping patang puluh siji pertandingan lan nyetak rong gul ing kabeh kompetisi. Kanggo prestasine, Uchida dipilih kanthi saka suara populer kanggo main ing J. League All-Star Soccer game ing taun 2006.[9]
Ing musim 2007, Uchida terus mertahanke posisine ing tim utama kanggo tim kasebut, dhèwèké main ing posisi bek kanan.[10] Dhèwèké banjur nulungi klub kasebut menangke liga kaping pisanane sawise ngalahake Shimizu S-Pulse 3-0 ing pertandingan pungkasan musim lan uga entuk ping sanga kemenangan berturut-turut kangge klub kasebut.[11] Ing final Piala Kaisar, Uchida damel gol pambuka nalika menang 2-0 nglawan Sanfrecce Hiroshima lan menangke piala kasebut, Kashima Antlers uga menang rong gelar ing taun iki.[12] Kanggo prestasine, Uchida dipilih kanthi saka suara populer kanggo main ing J. League All-Star Soccer game ing taun 2007.[13] Ing pungkasan musim 2007, dhèwèké main kaping patang puluh papat pertandingan lan nyetak sak gul ing kabeh kompetisi.
Uchida miwiti musim 2008 nalika dhèwèké nglawan Sanfrecce Hiroshima ing Piala Super Jepang, Kashima Antlers kalah 4-3 ing penalti sawise pertandingan rampung 2-2 lewat wektu ekstra.[14] Uchida uga miwiti debut ing Liga Champions AFC, dhèwèké main saka awal pertandingan lan main 76 menit, nalika menang 9-1 nglawan Krung Thai Bank ing tanggal 12 Maret 2008.[15] Pitung dina sawise, ing tanggal 19 Maret 2008, dhèwèké nyetak rong gul Nalika tampil kaping pindhone ing Liga Champions AFC, nalika menang 6-0 nglawan CLB Nam Định.[16] Uchida tetep mertahanke posisine ing tim utama, ing endi dhèwèké mbantu tim kasebut tetep resik ing rong pertandingan liga sawise.[17] Dhèwèké ngalami cedera pinggul sing nyebabake dhèwèké ora main ing antarane minggu ke-2 lan ke-3.[18] Ora nganti tanggal 11 Mei 2008, Uchida bali menyang tim utama, dhèwèké main 82 menit, lan Kashima Antlers kalah 1-0 nglawan Shimizu S-Pulse.[19] Sawise nglewati patang pertandingan ora main, amarga main ing tim nasional kanggo Olimpiade Musim Panas, Uchida bali menyang posisi wiwitan nalika nglawan Vissel Kobe ing tanggal 27 Agustus 2008, lan mbantu Kashima Antlers menang 2-1.[20] Banjur dhèwèké nulungi sisih tim kasebut tetep resik telung pertandingan kanthi berturut-turut antara 28 September 2008 tekan 4 Oktober 2008.[21] Uchida nulungi sisih tim kasebut tetep resik papat pertandingan kanthi berturut-turut saka 9 November 2008 nganti 6 Desember 2008.[22] Sajrone wektu kasebut, Uchida main peran penting nalika nyetak gul kemenangan lan gul siji-sijine nalika nglawan Oita Trinita ing tanggal 23 November 2008, lan mbantu tim kasebut menang ingkang liga kaping pindhone.[23] Ing pungkasan musim 2008, dhèwèké main kaping telung puluh papat pertandingan lan nyetak sak gul ing kabeh kompetisi, Uchida kalebu dadi J. League Best Eleven ingkang kaping pisanane.[24] Kajaba iku, Uchida uga nandatangani perpanjangan kontrak ing tim kasebut, nganti taun 2012.[25]
Sadurunge musim 2009, Uchida digadhang-gadhang bakalan pindhah saka Kashima Antlers, amarga sawetara klub saka Eropa kepengin nuku dhèwèké.[26] Uchida miwiti musim kanthi apik nalika dhèwèké mbantu tim kasebut ngalahake Gamba Osaka 2-0 lan menangke Piala Super Jepang.[27] Uchida nyipta gol kanggo Marquinhos, nalika menang 2-0 nglawan Urawa Red Diamonds nalika main pertandingan pambuka liga ing musim iki.[28] Uchida terus mertahanke posisine ing tim utama, dhèwèké main ing posisi bek tengen.[29] Sesasi sawise, ing tanggal 8 April 2009, dhèwèké nyetak gul pisanane ing musim iki, nalika menang 4-1 nglawan Warriors ing Liga Champions AFC.[30] Wiwit wiwitan musim 2009, Uchida miwiti saben pertandingan nganti dhèwèké mudhun saka skuad nalika nglawan JEF United Chiba ing tanggal 2 Mei 2009, amarga ngalami kekeselen sing kronik.[31] Iki kedadeyan sawise Uchida ngalami kesel lan kudu diganti nalika menang 5-0 nglawan Warrior FC ing tanggal 22 April 2009.[32] Sawise ora main sak pertandingan, dhèwèké bali menyang tim utama lan main 69 menit, nalika menang 2-1 nglawan Shimizu S-Pulse ing tanggal 10 Mei 2009.[33] Sesasi sabanjure nalika nglawan FC Seoul ing babak 16 Liga Champions AFC, Uchida ora bisa ngegulke nalika ing adu penalti, lan nyebabake tim lawan lanjut menyang babak sabanjure sawise pertandingan rampung 2-2 sajrone 120 menit.[34] Seminggu sabanjure nalika nglawan Kawasaki Frontale ing tanggal 5 Juli 2009, dhèwèké ditokke amarga keno handball, lan ngasilake penalti sing sukses dikonversi dadi gul dening Juninho menehi tim oposisi unggul lan pertandingan rampung 1-1.[35] Sawise ra oleh main sak pertandingan, Uchida bali menyang jajaran awal, nalika imbang 2-2 nglawan Kawasaki Frontale ing tanggal 15 Juli 2009.[36] Telung dina sabanjure, ing tanggal 18 Juli 2009, dhèwèké tampil ingkang kaping 100 kanggo tim kasebut, nalika imbang 2-2 nglawan Shimizu S-Pulse.[37] Amarga prestasine ing separo musim kasebut narik minat klub-klub Seri A, sing nggawe tawaran 3 yuta euro.[38] Sanajan ngono, Uchida tetep entuk nggon ing tim utama ing sisane musim kasebut.[39] Ing pertandingan pungkasan musim iki, Uchida nyipta gol gawe Shinzo Koroki lan nyetak siji-sijine gol ing pertandingan kasebut, nalika menang 1-0 nglawan Urawa Red Diamonds lan menangke liga ingkang kaping telune.[40] Ing pungkasan taun 2009, Uchida kalebu dadi J. League Best Eleven ingkang kaping pindhone.[41] Kajaba iku, dhèwèké main kaping patang puluh telu pertandingan lan nyetak sak gul ing kabeh kompetisi.
Sadurunge musim 2010, kinerjane Uchida tetep narik minat saka klub-klub Eropa.[42] Dhèwèké nulungi tim kasebut menang Piala Super Jepang sawise ngalahake Gamba Osaka 5-3 liwat adu penalti sawise pertandingan dimainake sajrone 120 menit.[43] Ing wiwitan musim 2010, Uchida terus tampil ing tim utama ing posisi bek tengen.[44] Tanggal 30 Maret 2010, dhèwèké nyetak gol pisanan ing musim iki, nalika kamenangan 3-1 nglawan Persipura Jayapura.[45] Sawise ngalami cedera lutut,[46] dhèwèké bali saka cedera ing tanggal 5 Mei 2010, nalika kalah 2-1 nglawan Cerezo Osaka, sing dadi penampilan liga terakhire ing klub kasebut.[47] Penampilan terakhir ing klub kasebut nalika ing tanggal 12 Mei 2010, nalika kalah 1-0 nglawan Pohang Steelers.[48] Nalika dhèwèké budhal saka Kashima Antlers, Uchida wus main kaping pitulas pertandingan lan nyetak sak gul ing kabeh kompetisi ing musim iki.
Schalke 04
Ing tanggal 13 Juni 2010, klub Jerman Schalke 04 ngumumake manawa dhèwèké wis nglebokakke pemain Jepang kanthi kontrak telung taun kanthi rega € 1,3 yuta.[49] Transfer Iki kedadeyan sawise adol Rafinha menyang Genoa.[50]
Uchida nggawe debut ing Schalke 04, nalika kalah 2-0 nglawan Bayern Munchen ing Piala Super DFL.[51] Ora suwe sawise iku, Uchida miwiti debut ing liga kanggo klub kasebut nalika dadi pemain panggenti ing babak kapindo kanggo Joël Matip, nalika kalah 2-1 nglawan Hamburger SV.[52] Sawise absen metu saka tim utama amarga cedera ing wulan September,[53] dhèwèké bali menyang tim utama maneh ing tanggal 25 September 2010, nalika imbang 2-2 nglawan Borussia Mönchengladbach.[54] Sawise bali menyang tim utama, Manajer Felix Magath komentar babagan kinerja Uchida, dhèwèké ujar: "Fisike dhèwèké isih ora kuwat banget, nanging dhèwèké menehi sing paling apik menyang arep."[55] Patang dina sawise, ing tanggal 29 September 2010, dhèwèké nggawe debut ing Liga Champions kanggo klub kasebut, nalika menang 2-0 nglawan Benfica.[56] Sawise ora main sak pertandingan, Uchida bali menyang jajaran utama ing posisi bek kanan melawan Stuttgart ing tanggal 16 Oktober 2010 lan pertandingan kasebut hasile imbang 2-2.[57] Dhèwèké banjur nulungi pertahanan klub lan njaga telung clean sheet berturut-turut saka 4 Desember 2010 nganti 18 Desember 2010.[58] Sawise ora main ing wulan Januari, amarga main ing tim nasional kanggo Piala Asia AFC 2011,[59] Uchida bali menyang jajaran awal nalika nglawan Borussia Dortmund ing tanggal 4 Februari 2011 lan mbantu pertahanan klub tetep clean sheet nalikaning imbang 0-0.[60] Iki diterusake kanthi mbantu klub ngentukke clean sheet liyane, nalika menang 1-0 nglawan SC Freiburg.[61] Sawise menang 2-1 nglawan Eintracht Frankfurt ing tanggal 12 Maret 2011, Uchida nganggo kaos sing nanggepi lindhu lan tsunami Tōhoku, dhèwèké ujar: "Kanca-kanca sing daktresnani ing Jepang. Muga-muga akeh nyawa kang bakal disimpen. Ayo padha ngadeg bareng-bareng. Musibah iki pancen cedhak banget karo aku. Aku tetep kehubung] karo Jepang."[62] Wiwit bali menyang tim utama, dhèwèké bisa entuk posisi ing posisi bek kanan ing turahane musim iki.[63] Tanggal 13 April 2011, Uchida dadi pemain bal-balan Jepang pertama sing iso nggayuh semi-final Liga Champion.[64] Sanajan klub kasebut ora tekan final, Uchida dadi pemain pengganti ing babak kaping pindho nalika nggantikke Peer Kluge, nalika klub kasebut ngalahake MSV Duisburg 5-0 ing Final DFB-Pokal.[65] Ing musim pertamane ing Schalke 04, Uchida nggawe total 43 penampilan ing kabeh kompetisi.
Ing musim 2011-12, Uchida lungguh ing bangku pengganti kanggo telung pertandingan pisanan liga lan DFL-Supercup, diganti kaliyan Marco Höger.[66] Dhèwèké banjur tampil kaping pisanan ing musim kasebut, main ing posisi bek kiwa, nalika Schalke 04 kalah 2-0 nglawan HJK Helsinki ing tanggal 18 Agustus 2011 ing leg pertama babak kualifikasi Liga Europa UEFA.[67] Uchida bali menyang posisi bek sisih tengen maneh nalika nglawan tim HJK Helsinki lan bisa ngatasi defisit kanthi menang 6-1 lan maju nganti tekan babak grup.[68] Ing tanggal 28 Agustus 2011 dhèwèké akhire tampil ing liga ingkang kaping pisanane ing musim iki, nalika menang 1-0 nglawan Borussia Mönchengladbach.[69] Nanging, Uchida cedera otot ing paha tengen nalika latihan lan ora main suwene sewulan.[70] Ora nganti tanggal 3 November 2011, dhèwèké bali menyang jajaran tim, nalika seri 0-0 nglawan AEK Larnaca ing pertandingan Babak Grup Liga Europa UEFA.[71] Sajrone musim paling suwene 2011-12, Uchida lan Höger saingan karo posisi bek tengen, sanajan dhèwèké ngalami cedera amarga dhèwèké dhewe.[72] Ing tengahan musim 2011-12, Uchida bisa entuk posisine maneh ing tim utama ing Schalke 04 sawise Höger main ing posisi gelandhang tengah.[73] Ing pungkasan musim 2011-12, Uchida nggawe total 26 penampilan ing kabeh kompetisi.
Sadurunge musim 2012–13, diumumake dening klub yen Uchida nandatangani kontrak kontrak profesional rong taun nganti 30 Juni 2015.[74] Dhèwèké tampil ing rong pertandingan liga pisanan sadurunge diganti Benedikt Höwedes.[75] Sajrone rong wulan sabanjure, Uchida bali menyang jajaran awal, main ing posisi bek tengen.[76] Nganti tanggal 3 Nopember 2012 nalika dhèwèké nyetak gol pertamane kanggo klub kasebut, nalika kalah 3-2 nglawan 1899 Hoffenheim.[77] Nanging, dhèwèké ngalami cedera otot lan metu ora maen suwene rong minggu.[78] Sawise ora main rong pertandingan amarga cedera, Uchida bali menyang jajaran awal, nalika Schalke imbang 1-1 nglawan Eintracht Frankfurt ing tanggal 24 November 2012.[79] Sakwise kuwi dhèwèké bisa entuk maen ing jajaran awal ing pitung pertandingan sabanjure sadurunge dhèwèké cedera kaping pindhone ing musim iki.[80] Ora nganti tanggal 9 Maret 2013, Uchida bali menyang jajaran wiwitan lan mainke peran penting ing Revierderby nglawan Borussia Dortmund, lan nyipta rong assist kanggo menang 2-1.[81] Sakwise kuwi, dhèwèké entuk posisi tim utama ing turahane pertandingan musim 2012–13 lan mbantu tim kasebut nggayuh posisi nomer papat, mula entuk tiket kualifikasi Liga Champions UEFA musim ngarep.[82] Ing pungkasan musim 2012–13, Uchida nggawe total 30 penampilan lan ngegulke pisan ing kabeh kompetisi. Kanggo prestasine, Uchida kalebu Bundesliga Team of the Season.[83]
Ing musim 2013-14, Uchida miwiti rong pertandingan liga pisanan sadurunge dhèwèké ngalami cedera otot, nanging dhèwèké pulih kanthi cepet.[84] Nganti tanggal 21 Agustus 2013 nalika dhèwèké bali saka cedera, dhèwèké miwiti pertandingan, lan imbang 1-1 nglawan PAOK ing leg pertama babak play-off Liga Champions UEFA.[85] Ing leg kapindo, dhèwèké nyipta assist kanggo gol pambuka kanggo Ádám Szalai, lan menang 3-2 nglawan PAOK kanggo mbantu tim nggayuh tataran babak grup Liga Champions UEFA.[86] Sewulan sakwise, dhèwèké nyetak gol pertamane ing Liga Champions nalika menang 3-0 nglawan Steaua București ing tanggal 18 September 2013.[87] Nalika menang 4-1 nglawan Augsburg ing tanggal 5 Oktober 2013, dhèwèké nyipta rong assist kanggo tim kasebut.[88] Sakwise iku, Uchida angsal papan ing tim utama lan main ing posisi bek tengen.[89] Nanging, ing pertengahan Desember, dhèwèké dicadangke, amarga cedera lan hukuman.[90] Nanging Uchida nandhang cedera tendon suwek nalika menang 2-0 nglawan Hannover 96 ing tanggal 9 Februari 2014 lan dicadangke ing turahane musim iki.[91] Ing pungkasan musim 2013-14, Uchida nggawe total 27 penampilan lan ngegulke pisan ing kabeh kompetisi. Ing wulan Mei, Uchida bisa pulih amarga cederane, tepat wektu karo dhèwèké bakal main ing Piala Donya.[92]
Nanging ing wiwitan musim 2014-15, Uchida ngalami cedera tendon patella.[93] Nganti tanggal 23 September 2014, dhèwèké lagi bali maneh menyang tim pertama amarga cedera kasebut, maen awit wiwitan pertandingan nganti pungkasan, dhèwèké menang 3-0 nglawan Werder Bremen.[94] Sawise pertandingan kasebut, Manajer Jens Keller muji kinerja Uchida, kanthi ujar: "Rasa hormat banget marang Uchida. Dhèwèké ora main suwene pitung wulan banjur menehi permainan kasebut - pancen apik banget!"[95] Sawise tampil apik wiwit bali saka cedera, Uchida nandatangani kontrak telung taun, nganti taun 2018.[96] Ora suwe sawise nandatangani kontrak kasebut, Uchida nggawe assist kanggo gol Huntelaar lan dadi gol siji-sijine ing pertandingan kasebut, nalika menang 1-0 nglawan Augsburg ing tanggal 31 Oktober 2014.[97] Ing pungkasan wulan oktober, Uchida dianugerahi October's Player of the Month amarga prestasine.[98] Wiwit bali menyang tim utama saka cedera, Uchida terus main ing tim utama, main ing posisi bek kanan.[99] Ing pungkasan musim 2014-15, dhèwèké banjur bali maneh dadi pemain paruh waktu lan mudhun menyang bangku pengganti.[100] Nanging, Uchida cedera maneh peng pindho, kalebu masalah Patella lan liyane sing nyegah dhèwèké main ing sisa musim iki.[101] Ing pungkasan musim 2014-15, Uchida nggawe total 20 penampilan ing kabeh kompetisi.
Nanging, sadurunge musim 2015-16, Uchida ngalami operasi tendon patellar, sing nggawe dhèwèké absen ora maen nem minggu.[102] Ing wulan Oktober, dhèwèké ujar manawa dhèwèké wus mari, sanajan dhèwèké durung ngonfirmasi tanggal mbalikke.[103] Sanajan dhèwèké wus bali latihan ing wulan Januari,[104] Nanging amarga nandhang cedera lutut saengga dhèwèké metu ora maen ing turahane musim.[105]
Sadurunge musim 2016-17, Uchida bali latihan ing tur pra-musim.[106] Nanging, latihane ora suwe, amarga dhèwèké ngalami cedera maneh.[107] Sawise ngalami cedera maneh ing wulan November,[108] dhèwèké tampil kaping pisanane ing setaun ing tanggal 7 Desember 2016, nalika kalah 2-0 nglawan Red Bull Salzburg ing pertandingan Liga Europa UEFA.[109] Iki dadi siji-sijine penampilane, amarga dhèwèké ngalami cedera maneh ping pindho ing musim iki.[110] Sawise ninggalake Schalke 04, ing kana Uchida main 153 penampilan lan nyetak rong gol ing kabeh kompetisi, dhèwèké diwenehi pamitan sadurunge pertandingan Schalke 04..[111]
Union Berlin
Ing tanggal 21 Agustus 2017, Uchida gabung karo klub 2. Bundesliga yaiku Union Berlin kanthi kontrak setaun.[112] Schalke ngizini dhèwèké lunga kanthi transfer gratis lan "nampung dhèwèké secara finansial" sawise nempuh pitung taun ing klub kasebut.[113]
Uchida nggawe debut kanggo Union Berlin ing tanggal 10 September 2017 nalika kalah 3-2 nglawan Fortuna Düsseldorf. Dhèwèké dadi pemain pengganti ing menit 75.[114] Ing tanggal 19 September, dhèwèké main awit wiwitan pertandingan kaping pisanane nalika kalah 1-0 nglawan SV Sandhausen.[115] Dhèwèké ora main maneh maneh sadurunge ngalami cedera paha ing pertengahan Oktober.[116] Sawise tampil rong penampilan sadurunge istirahat musim adhem, dhèwèké ninggalake Union Berlin kanggo bali menyang negarane Jepang menyang mantane klube yaiku Kashima Antlers.[117] Iki kedadeyan sawise Uchida pengin bali menyang negara kelairane.[118]
Bali menyang Kashima Antlers
Ing tanggal 2 Januari 2018, Uchida gabung maneh karo tim J1 League, Kashima Antlers sawise main pitung setengah taun ing Jerman. Uchida dijadwalake gabung karo kanca-kanca time ing Kashima ing tanggal 9 Januari 2018, sakdurunge musim J1 League 2018 diwiwiti.[119]
Uchida nggawe penampilan ing Kashima Antlers kaping pisanan sawise wolung taun, maen awit wiwitan pertandingan lan main 84 menit, nalika imbang 0-0 nglawan Shimizu S-Pulse ing pertandingan pambuka musim iki.[120] Nanging dhèwèké enggal nandhang cedera paha sing nyebabake dhèwèké ora main suwene sak wulan.[121] Ora nganti tanggal 14 April 2018, Uchida bali saka cederane, miwiti pertandingan lan main 77 menit, nalika menang 2-0 nglawan Nagoya Grampus.[122] Dhèwèké tampil ing patang pertandingan sabanjure sadurunge absen amarga cedera liyane.[123] Ora nganti tanggal 11 Juli 2018, Uchida bali saka cederane, miwiti pertandingan maneh lan menang 4-1 nglawan Machida Zelvia.[124] Nanging, dhèwèké asring lumebu lan metu ing jajaran tim utama, amarga ana ing bangku pengganti lan ngadhepi masalah cederane.[125] Uchida banjur main lan nggawe peran penting nalika nyetak gol kemenangan, ing kamenangan 3-2 nglawan Suwon Samsung Bluewings ing tanggal 3 Oktober 2018, nalika ing leg keloro, Kashima Antlers imbang 3-3, dadi Kashima Antlers maju tekan Final Liga Champions AFC kanggo pisanane.[126] Nanging, Uchida ngalami cedera hamstring sing nyebabake dhèwèké ora main sakwulan.[127] Nalika uchida absen, Kashima Antlers menang Final Liga Champions AFC nglawan Persepolis kanthi agregat 2-0 lan menangke trofi Liga Champions AFC pisanane ing klub kasebut.[128] Ora nganti tanggal 24 November 2018, nalika bali saka cedera, lumebu dadi pemain pengganti, dhweke menang 3-0 nglawan Vegalta Sendai.[129] Ing Piala Dunia Klub FIFA, Uchida main ping telu kanggo tim kasebut, lan klub kasebut entuk posisi nomer papat ing turnamen kasebut.[130] Ing pungkasan musim 2018, Uchida nggawe total 23 penampilan lan ngegolke pisan ing kabeh kompetisi.
Sadurunge musim 2019, Uchida diangkat dadi kapten Kashima Antlers anyar sawise Gen Genji budhal.[131] Pertandhingan kaping pisanane minangka dadi kapten nalika ing tanggal 1 Maret 2019 nalika nglawan Kawasaki Frontale lan nggawe assist kanggo Sho Ito, nalika imbang 1-1.[132] Dhèwèké banjur dadi kapten telung pertandingan liyane ing antarane tanggal 9 Maret 2019 nganti 30 Maret 2019.[133] Nanging, nalika menang 3-2 nglawan Júbilo Iwata ing tanggal 30 Maret 2019, Uchida ngalami cedera lutut lan diganti lan ora main pirang-pirang wulan.[134] Ora nganti tanggal 14 Agustus 2019, dhèwèké bali saka cedera, dadi pemain pengganti, nalika menang 4-0 nglawan Tochigi SC ing babak katelu Piala Kaisar.[135] Wiwit bali saka cedera, Uchida nerusake peran kapten kasebut sanajan dhèwèké asring ana ing bangku cadangan ing pirang-pirang pertandingan ing turahan musim 2019.[136] Kashima Antlers banjur ngrampungake oleh posisi katelu ing liga.[137] Ing pungkasan musim 2019, Uchida nggawe total 12 penampilan.
Ing tanggal 20 Agustus 2020 Kashima Antlers ngumumake yen bek Atsuto Uchida bakal pensiun. Bareng karo kontrak karo Kashima seng bakal entek tanggal 31 Agustus 2020, lan ing tanggal 23 agustus 2020, Uchida menehi pesen perpisahan marang para penggemare sawise ngrampunge pertandingan J1 League nglawan Gamba Osaka. Uchida gabung karo Kashima Antlers ing taun 2006 saka Shimizu High School. Sawise main rutin wiwit musim pisanane, dhèwèké nyumbang telung gelar J1 berturut-turut wiwit taun 2007. Ing taun 2008 lan 2009, dhèwèké dipilih dadi J.League Best Eleven. Sawise main ing Jerman kanggo FC Schalke 04 (2010-17) lan 1. FC Union Berlin (2017-18), dhèwèké bali menyang Kashima ing taun 2018. Ing karir 15 taune, dhèwèké main 147 pertandingan lan ngetung 3 gol ing J.League.[138]
Remove ads
Karir Internasional
Tim nom-noman
Uchida makili Jepang ing pirang-pirang level ing ngisor umur. Uchida dadi bagean saka tim Jepang nalika ing final Kejuaraan Pemuda AFC 2006 sing dianakake ing India.[139] Dhèwèké ngrewangi pertahanan Jepang lan nggawe rong clean sheets ing rong pertandingan pertama ing babak grup, lan maju tekan babak penyisihan.[140] Uchida banjur ngrewangi Jepang tekan final Kejuaraan Pemuda AFC kanthi ngalahake Korea Selatan lan Arab Saudi..[141] Nanging, Jepang dadi runner-up sawise kalah karo Korea Utara ing babak penalti.[142]
Uchida uga melu Piala Donya FIFA U-20 ing taun 2007 sing dianakake ing Kanada.[143][144] Dhèwèké main ing pertandingan kaping pisanan ing turnamen kasebut lan nulungi tim kasebut ngalahake Skotlandia 3-1.[145] Dhèwèké terus main lan mbantu Jepang njaga clean sheet ing rong pertandingan sabanjure, lan nggawe tim kasebut lolos menyang babak penyisihan.[146] Nanging, Republik Ceko ngalahke Jepang lewat babak pinalti.[147]
Ing wulan Juli 2008, Uchida diundang menyang skuad U-23 Jepang kanggo Olimpiade Musim Panas 2008.[143] Dhèwèké main ing pertandingan kaping pisanan ing turnamen kasebut, main saka wiwitan pertandingan, nanging Jepang U23 kalah 1-0 nglawan Amerika Serikat.[148] Uchida nerusake tampil ing rong pertandingan ing turnamen kasebut, nanging Jepang ora lolos soko babak grup.[149]
Tim senior
Ing rong kesempatan antarane Desember 2007 nganti Januari 2008, Uchida nampa panggilan internasional saka pelatih nasional Jepang, Ivica Osim nanging dhèwèké durung main.[150] Uchida akhire nggawe debut internasionale kanggo Jepang ing tanggal 26 Januari 2008 ing pertandingan persahabatan nglawan Chili ing Stadion Olimpiade Nasional ing Tokyo. Pertandingan iki minangka pertandingan kaping pisanan ing papréntahan manajer anyar Takeshi Okada.[151] Asil akhir pertandingan iki yaiku imbang 0-0.[152] Ing pertandingan sabanjure nglawan Bosnia lan Herzegovina, dhèwèké nulungi Jepang njaga clean sheet kanthi kemenangan 3-0.[153] Ing tanggal 6 Februari 2008, Uchida main 90 menit kanggo Jepang nalika menang 4-1 nglawan Thailand lan dadi pemain bal-balan Jepang remaja pisanan sing main ing kualifikasi Piala Donya FIFA sawise ngadeg Liga J League ing taun 1993.[154] Ing tanggal 22 Juni 2008, Uchida nggawe gol kamenangan nalika menang 1-0 nglawan Bahrain.[155] Gol iki minangka gol internasional pertamane lan dadi pencetak gol paling enom ing kualifikasi Piala Donya FIFA nalika umure 20 taun lan 87 dina, ngalahake rekor umur 11 taun kapungkung sing dianakake Hidetoshi Nakata. Saindhenging taun 2008, dhèwèké dikirim main ing posisi bek tengen karo Yūichi Komano.[156]
Uchida miwiti taun 2009 nalika nyithak rong assist, nalika menang 5-1 nglawan Finlan ing tanggal 5 Februari 2009.[157] Ing wulan Juni 2009, dhèwèké tampil ing rong pertandingan saka telung pertandingan kualifikasi Piala Donya, sing ngasilake Jepang lolos menyang turnamen kasebut.[158] Ing pungkasan taun, Uchida nulungi Jepang njaga patang clean sheet kanthi berturut-turut saka 10 Oktober 2009 tekan 18 November 2009, kabeh mau saka ing pertandingan persahabatan.[159]
Ing wulan Februari 2010, Uchida diundang menyang skuad nasional kanggo Kejuaraan Sepak Bola Asia Wétan.[160] Dhèwèké mbantu tim kasebut njaga rong clean sheet ing rong pertandingan pisanan.[161] Nanging, amarga Jepang kalah saka menyang Korea Selatan ing pertandingan ketelu nggawa Jepang entuk posisi kaping telu ing turnamen kasebut.[162] Uchida dadi anggota tim nasional Jepang kanggo Piala Donya 2010, dhèwèké diundang ing wulan Mei 2010.[163] Nanging, ora main ing kabeh pertandingan Piala Donya kasebut, amarga dhèwèké ra iso nggantikke posisi Yūichi Komano.[164] Sawise turnamen kasebut, Uchida ujar manawa dhèwèké kecewa amarga ora main ing Piala Donya lan ngarepake pindhah menyang Schalke 04 bakal nggawe dhèwèké dadi pemain sing luwih apik.[165]
Rong taun sabanjure, Uchida diceluk menyang tim nasional kanggo skuad Piala Konfederasi 2013.[166] Dhèwèké tampil kaping telu ing turnamen kasebut, nanging Jepang kalah ing kabeh telung pertandingan lan kasingkir ing babak grup.[167] Ing sawijining wektu sawise kalah saka Brasil, media Brasil menehi skor kinerja Uchida minangka paling cilik ing pertandingan kasebut.[168]
Ing wulan Mei 2014, Uchida diceluk menyang skuad Piala Donya 2014.[169] Sadurunge, Uchida melu telung pertandingan persahabatan, lan ing pertandingan nglawan Siprus tanggal 27 Mei 2014, dhèwèké nyetak gol internasional nomer loro kanggo negara kasebut.[170] Beda karo Piala Donya sadurunge, Uchida main ing kabeh telung pertandingan ing Piala Dunia, nanging jepang kasingkir ing babak grup.[171] Sawise Jepang kasingkir, dhèwèké menehi yen dhèwèké bakal pensiun saka tim nasional.[172] Sak wulan sakwise, Uchida banjur ngrenungake babagan main ing Piala Donya.[173]
Ngarep bisa dipilih kanggo Piala Asia AFC,[174] Nanging Uchida, ditokke saka skuad sadurunge turnamen kasebut.[174] Katulis manawa dhèwèké lagi pulih amarga cedera.[175] Uchida bali menyang tim nasional rong wulan sakwise, main ping pindho kanggo tim kasebut.[176]
Remove ads
Statistik karir
Klub
- Kalebu Liga Champions AFC, Liga Champions UEFA dan Liga Eropah UEFA.
Internasional
- Nganti 11 June 2015..
Gol Internasional
Tim Senior
Penampilan ing kompetisi gedhe
Remove ads
Kauripan pribadi
Ing njaba bal-balan, Uchida dianggep minangka tokoh sing misuwur ing negara asale Jepang.[180] Sajrone pertandingan nglawan 1. FC Nürnberg tanggal 26 Februari 2011, 90 wanita saka Jepang ngunjungi Veltins-Arena kanggo ndeleng Uchida main, lan popularitase nyebabake dhèwèké diarani Beckham Jepang.[181] Popularitas Uchida sajrone dadi pemain Schalke 04 nyebabake klub kasebut ngluncurake situs web resmi lan akun Twitter ing basa Jepang.[182] Surat kabar Jerman Der Westen nyebutake popularitase bisa ngentukke peggemar Schalke 04.[183]
Ing njaba bal-balan, Uchida nyedhiyakake swara kanggo Uschi, sing dijenengi saka jenenge, ing film Pokémon Diancie and Cocoon of Destruction.[184] Dhèwèké ora ngombe alkohol, luwih seneng ngombe jus pisang.[185] Nalika tuwuh, Uchida ujar manawa manga sing disenengi yaiku Kapten Tsubasa lan ndhukung tim Júbilo Iwata.[186] Wiwit Mei 2015, Uchida wis omah-omah karo Yuko Aoki[187] lan bareng, pasangan kasebut duweni anak loro.[188]
Ing awal karir bal-balane, Uchida ujar manawa dhèwèké arep ndhaptar universitas kanggo entuk lisensi guru.[189] Ing wulan April 2016, Uchida lan kanca time Yuya Osako mbukak fasilitas pelatihan bal-balan ing Kashima.[190] Telung taun sakwise ing wulan Juni, wong loro kasebut banjur ngetokake buku latihan.[191] Sajrone karire ing Jepang, rekan setime Maya Yoshida negesake yen dhèwèké kekancan paling apik karo Uchida, nanging dhèwèké uga dadi pesainge.[192]
Ing wulan Desember 2008, Uchida lumebu agensi karo Tetsuro Kiyooka, Agen Pemain FIFA (agen Olahraga), kanthi harapan bisa pindhah menyang Eropa. Lan bener nalika dhèwèké gabung karo Schalke 04 rong taun sawise lumebu ing agensi Tetsuro Kiyooka.[193] Sajrone main ing Schalke 04, Uchida urip ing Düsseldorf.[194]
Remove ads
Gelar
Klub
Kashima Antlers
- J. League Divisi 1: 2007, 2008, 2009
- Piala Kaisar: 2007
- Piala Super Jepang: 2009, 2010
- Liga Champions AFC: 2018
Schalke 04
DFB-Pokal: 2010-11 Piala Super DFL: 2011
Internasional
- Piala Asia AFC: 2011
Individu
Referensi
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads