Bèkelan
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Bèkelan (ꦧꦺꦏꦼꦭꦤ꧀:carakan) saka basa Walanda: bikkelspel; iku sawijining dolanan bocah. Dolanan sajatiné kanggo ngisi wektu ngaso sekolah utawa kanggo sarana lelipur para bocah nalika ana ing omah. Bèkelan kaya déné dolanan boca liyané kudu dilakokaké sakurang-kurangé déning rong bocah utawa luwih alias dolanan kelompok.[1] Bèkelan iku dhéwé nduwé piranti yaiku:
- Bal karèt saukuran ball pingpong
- Timbel utawa pit sing wujudé gèpèng kaya kacang kulit, ana titik-titiké.


Remove ads
Sujarah
Dolanan iki ana gandhèng rèntèngé karo jaman panjajahan koloniyal Walanda ing tanah Jawa lan bumi Nuswantara. Tembung "bèkel" kaduga kapethik saka tembung basa Walanada bikkelen sing tegesé mbanting walulang.[2] Wiwitane bèkelan iki kalakokaké nganggo timbel kuningan utawa wesi, nanging lumantar kakreatifan para bocah pit utaw timb el iku kaganti dening krikil, kadhang utawa wiji buah, lan saiki ana uga kang ngganggo bahan plastik.[3]
Remove ads
Pranatan dolanan[4] [5]
Dolanan iki ana aturan utawa pranatané, tegesé aturan iku mau ora béda karo lakoné urip manungsa, yaiku:
- Bal diumbulake kae tegesé: Manungsa kudu éling marang Gusti Pangéran, ning kudu kèlingan sing ana ing ngisor yaiku seduluran utawa bebrayan,
- Bar iku biji lima diraup, didadèkné siji terus disebar, tegesé: Manungsa iku sadulur kabèh ayo bebrayan ing alam donya iki kudu rukun amarga tuntunane asalé saka siji yaiku Gusti Pangéran.
Kenapa bisa nguncalake bal terus malik timbel saka urutan 1, 2, 3,4 teka 5. yaiku tegesé manungsa urip iku kudu manut karo aturan utawa tuntunan sing jelas lan gamblang lan ora kena nafsu amarahe thok kudu kabèh nganggo sing padha welas asih marga kabèh iku mau ana kaitane siji lan sijiné.
- Angka 1 tegesé manungsa iku kudu nyawiji, yaiku searah lan tujuanne mung kanggo sing gae urip yaiku Gusti Pangeran, manut perintah lan adoh saka larangane
- Angka 2 tegesé manungsa iku ana dhasaré yaiku benar saka lair lan batinne.
- Angka 3 tegesé manungsa iku bisa pilah-pilah endi sing bener endi sing salah.
- Angka 4 tegesé manungsa iku kudu bisa nglaksanakne yaiku geguyub karo sadulur kaya senenge manungsa karo Gusti Pangeran.
- Angka 5 tegesé sapa sing tumindak bener lan njalanke perintahe Gusti Pangeran yaiku kang bakal urip mulya lan tentrem.[6]
Remove ads
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads