Basa Tétum

sawijining basa kang dicaturaké ing Pulo Timor, sawijining basa resmi ing nagara Timor Wétan From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Basa Tetun iku sawijining basa Austronesia kang dicaturaké ing Pulo Timor. Basa iki uga salah sijining basa resmi nagara Timor Wétan. Basa Tetun dicaturaké kurang luwih déning kurang luwih 800.000 jiwa. Basa iki kang dicaturaké ing Timor Wétan utawa Timor Lorosa'e ngandhut akèh tetembungan saka basa Portugis.

Sunyata Rikat Tetum, Tetun, Lia-Tetun ...
Remove ads

Dhialèk

Basa Tetun nduwé patang dhialèk:

  • Tetun-Dili utawa Tetun-Prasa
  • Tetun-Terik
  • Tetun-Belu
  • Dhialèk Nana'ek

Ukara-ukara dhasar

  • Bondia-"Sugeng énjing" (saka Portugis Bom dia).
  • Di'ak ka lae?-"Piyé kabaré?"
  • Ha'u di'ak -"Apik waé."
  • Obrigadu/Obrigada-"Matur nuwun", déning wong lanang/wadon (saka Portugis Obrigado/Obrigada).
  • Ita bele ko'alia Tetun?-"Njengan bisa basa Tetun?"
  • Loos-"Iya."
  • Lae-"Ora."
  • Ha'u' [la] komprende-"Aku ora mudheng" (saka Portugis compreender).
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads